Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 5:8 - Kitab Sutji

8 manawi kawula angsal sihkadarmanipun Sang Prabu, sarta manawi kepareng ing karsa dalem maringi kawula ingkang dados pangajeng-ajeng kawula, saha ngleksanani ingkang dados panyuwun kawula, mugi Sang Prabu karsaa rawuh nedhaki ing bujana ingkang badhe dalem saosaken malih, sarta Haman mugi kalilana ndherek, benjing-enjing kawula badhe ngestokaken dhawuh dalem.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 5:8
8 Iomraidhean Croise  

Sang Prameswari Wasti uga mangun bujana kanggo para wanita kabeh kang ana ing kadhatone Sang Prabu Ahasyweros.


Sang Haman banjur ngandika maneh: “Apa maneh Sang Prameswari Ester anggone ngaturi Sang Prabu marang bujana sesaosane, ora kanthi nimbali wong liyane sawiji-wijia kejaba mung aku dhewe lan aku ditimbali seba maneh sesuk, ndherek tedhake Sang Prabu.


Sang Prameswari Ester tumuli munjuk: “Pangajeng-ajeng saha panyuwun kawula, inggih punika:


Sang Prabu kadherekake Sang Haman, bakal sinugata dening Sang Prameswari Ester.


Sang Prameswari Ester tumuli mangsuli, unjuke: “Dhuh Sang Prabu! Manawi adalem angsal sih wilasa wonten ing ngarsa dalem, panyuwun kawula, mugi kawula kaparingana gesang margi saking panyuwunipun dalem, makaten ugi bangsa kawula inggih margi saking panyuwunipun dalem.


sarta munjuk: “Manawi Sang Prabu marengaken saha kawula manggih sih wonten ing ngarsa dalem, punapa malih manawi miturut panggalihipun Sang Prabu unjuk kawula punika kagalih prayogi, tur kawula damel renaning panggalih dalem, mugi kawedalna serat prentah nyeled serat-serat damelanipun Haman bin Hamedata, turunipun Agag, ingkang isi dhawuh supados numpes sakathahipun tiyang Yahudi ingkang wonten ing sakathahipun dhaerah wewengkonipun Sang Prabu.


Atine manungsa ngrasak-rasakake dalane, nanging Pangeran Yehuwah kang ngenerake lakune.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan