6 Satengah-tengahe unjuk-unjukan anggur Sang Prabu banjur ndangu marang Sang Prameswari Ester: “Panyuwunira apa, mesthi sira kaparingan. Karepira apa mesthi kasembadan, sanadyan ngantia saparoning karajan.”
Ing dina kang kapindho iku, nalika padha ngunjuk anggur, Sang Prabu banjur ndangu marang Sang Prameswari Ester: “Heh Ratu Ester, apa kang dadi panyuwunira? Mesthi bakal kaparingan. Karepira apa, mesthi kasembadan, sanadyan ngantia saparoning karajan.”
Sang Prabu banjur ngandika marang Sang Prameswari Ester: “Ana beteng Susan bae wong Yahudi wus padha mateni lan numpes limang atus, sarta maneh anake Haman sapuluh. Ing dhaerah-dhaerahing karaton liyane, embuh apa kang katindakake. Lan saiki apa panyuwunira maneh? Mesthi bakal disembadani.”