Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 5:4 - Kitab Sutji

4 Unjuke Sang Prameswari Ester: “Manawi wonten keparenging karsa dalem, Sang Prabu mugi nedhaki ing bujana ingkang badhe kawula saosaken kagem ing panjenengan dalem ing dinten punika, kaliyan malih Haman mugi kalilana ndherek.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 5:4
10 Iomraidhean Croise  

Rama Iskak tumuli ngandika: “Mara cedhakna mrene leladenanmu iku, olah-olahan bedhagane anakku dakpangane, supaya kowe banjur dakberkahi.” Sawuse diladekake, Rama Iskak banjur dhahar, sarta uga diaturi anggur, tumuli ngunjuk.


Lan iya padha matura mangkene: Lah abdi panjenengan Yakub inggih wonten wingking kula.” Awitdene pangunandikane mangkene: “Atine daklilihne sarana atur-atur kang ndhisiki aku, sawuse mangkono daktemoni, bokmanawa aku ditanggapi klawan becik.”


Sang Prameswari Wasti uga mangun bujana kanggo para wanita kabeh kang ana ing kadhatone Sang Prabu Ahasyweros.


Pelayangan kilat iku tumuli padha mangkat, kalawan kesusu, atas dhawuhe Sang Prabu; dene metune dhawuh mau saka ing beteng kadhaton Susan. Nalika samana Sang Prabu lelenggahan, kaadhep dening Sang Haman sinambi ngunjuk-ngunjuk, nanging wong sakutha Susan iku padha geger.


Sang Prabu tumuli ngandika: “He Prameswari Ester, apa karepmu, sarta apa panyuwunira? Mesthi bakal kaparingake, sanadyan ngantia saparoning karajan.”


Dhawuhe Sang Prabu: “Haman dhawuhana supaya enggal-enggal sowan, supaya mituruti panyuwune Sang Prameswari Ester.” Sang Prabu nuli rawuh nedhaki ing bujana sesaosane Sang Prameswari Ester kadherekake Sang Haman.


manawi kawula angsal sihkadarmanipun Sang Prabu, sarta manawi kepareng ing karsa dalem maringi kawula ingkang dados pangajeng-ajeng kawula, saha ngleksanani ingkang dados panyuwun kawula, mugi Sang Prabu karsaa rawuh nedhaki ing bujana ingkang badhe dalem saosaken malih, sarta Haman mugi kalilana ndherek, benjing-enjing kawula badhe ngestokaken dhawuh dalem.”


Begja wong kang kadunungan welas lan nyenyilihake, kang ngrampungake urusane kanthi samesthine,


Wong gemblung nguja sakehe kanepsone, nanging wekasane wong wicaksana kang ngendhakake.


Para sadulur, pikiranmu aja kaya bocah. Nanging ing bab piala dikaya bocah, nanging pikiranmu dikaya wong diwasa.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan