Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 5:11 - Kitab Sutji

11 Sang Haman nyaritakake bab gedhening kasugihane sarta sakehing putrane kakung, apamaneh sakehe kaluhurane, kang diparingake dening Sang Prabu, sarta anggone kawisudha ngungkuli para panggedhe lan para abdine Sang Prabu kabeh.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 5:11
19 Iomraidhean Croise  

Yakub krungu tembunge anak-anake Pak Laban kang lanang, rasanane: “Yakub iku wus njupuki darbeke bapakku lan marga saka barang darbeke mau kasugihane saya mundhak-mundhak.”


Ing kono Sang Prabu mamerake kasugihaning karajane kang mulya, kaendahaning kaluhurane kang sumunar, pirang-pirang dina suwene, nganti satus wolung puluh dina.


Sawuse lelakon kang kasebut ing dhuwur mau, Sang Prabu Ahasyweros njunjung Sang Haman bin Hamedata, turune Agag, diunggahake pangkate lan kalenggahane katetepake, ngungkuli sakehing para panggedhe kang ana ing ngarsane Sang Nata.


Pak Mordekhai mundur saka ing ngarsane Sang Prabu kalawan nganggo ageman kaprabon wungu tuwa karo mori alus, sarta jamang mas gedhe, jubahe lena alus lan kain wungu enom. Wong saindenging kutha Susan padha surak-surak lan sukarena.


Yagene kok aku nganti wedi marang dinaning karubedan, rikala aku kinepung ing pialane wong kang padha ngoyak-oyak aku,


wong-wong kang padha ngendel-endelake raja-branane, lan umuk marga saka kehing bandhane?


“Lah kae delengen, wong iku ora nganggep Gusti Allah dadi pangungsene, nanging ngendelake marang kasugihane kang luber, lan ngayom marang pratingkahe anggone ngrerusak!”


Amarga pangucape: “Para panggedhening wadya-balaku rak raja-raja kabeh?


Sang Prabu banjur nglairake pangandika mangkene: “Apa iki dudu Babil kang gedhe, kang wus ingsun bangun dadi kutha karajan kalawan kakuwataning pangwaosingsun lan kanggo kaluhuraning kamulyaningsun?”


Para sakabat padha gumun ngrungokake pangandikane iku. Nanging Gusti Yesus tumuli ngandika maneh: “He, bocah-bocah, lumebu ing Kratoning Allah iku pancen angel banget.


Para wong sugih ing donya iki padha elingna, supaya aja padha gumunggung lan aja padha kadunungan pangarep-arep marang samubarang kang ora tetep kaanane, kayata kasugihan, nanging marang Gusti Allah, kang marga saka sugihe, maringi marang kita samubarang kabeh, supaya kita rasakake nikmate.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan