ESTER 5:1 - Kitab Sutji1 Bareng wus tutug telung dinane Sang Prameswari Ester banjur ngagem busana kaprabon, tumuli jumeneng ana ing plataran njero madhep marang kadhaton, Sang Prabu mbeneri lenggah ing dhamparing karajan ana ing kadhaton. Faic an caibideil |
“Sakathahing para abdinipun Sang Prabu sadaya dalah tiyang ing sakathahipun dhaerah wewengkonipun Sang Prabu sadaya sampun sami sumerep, bilih tumrap sinten-sintena, jalera estria, ingkang seba dhateng ngarsanipun Sang Prabu ngantos dumugi ing plataran nglebet, boten sarana dipun timbali, namung wonten undhang-undhang satunggal ingkang tumindak: inggih punika paukuman pejah. Namung manawi Sang Prabu karsa ngathungaken jungkating kaprabon kancana dhateng tiyang punika, tiyang punika tetep gesang. Lan salebetipun tigang dasa dinten punika kula boten katimbalan marek ing ngarsanipun Sang Prabu.”
“Sumangga sampeyan nglempakaken sakathahipun tiyang Yahudi ingkang wonten ing Susan; kula sami sampeyan siyamaken, sampun nedha lan ngombe rinten dalu, ngantos tigang dinten dangunipun! Rinten kalayan dalu. Kula kaliyan para cethi kula ugi badhe siyam; dene sasampunipun, sanadyan kula nerak angger-anggeripun, Sang Prabu, kula badhe marak ing ngarsanipun Sang Prabu; manawi kula kapeksa pejah, kajengipun kula pejah.”
Awit saking punika, karsaa ndhawuhaken, supados kuburipun kajagi ngantos dumugi tigang dintenipun; manawi boten, saged ugi para sakabatipun lajeng dhateng nyolong Piyambakipun, nunten cariyos dhateng tiyang kathah: Piyambakipun sampun tangi saking antawisipun tiyang pejah, satemah panasaran ingkang kantun badhe langkung awon tinimbang ingkang rumiyin.”