Prameswari Ester tumuli nimbali Hatakh, priyayi abdine Sang Prabu, kang kapatah ngladeni Sang Prameswari, kaweling supaya miterang marang Pak Mordekhai, apa karepe lan apa sebabe mangkono.
Apadene digawani turunane layang undhang-undhang kang wus kawetokake ana ing Susan, bab panumpese bangsa Yahudi mau, supaya kaaturna lan katerangna marang Sang Prameswari Ester. Karomaneh panjenengane diaturi marak marang ngarsane Sang Prabu nyuwun palimirma lan mbelani bangsane.