ESTER 4:8 - Kitab Sutji8 Apadene digawani turunane layang undhang-undhang kang wus kawetokake ana ing Susan, bab panumpese bangsa Yahudi mau, supaya kaaturna lan katerangna marang Sang Prameswari Ester. Karomaneh panjenengane diaturi marak marang ngarsane Sang Prabu nyuwun palimirma lan mbelani bangsane. Faic an caibideil |
Kacarita Sang Prabu Herodhes duka banget marang wong Tirus lan Sidon. Wong-wong mau padha saiyeg bebarengan sowan menyang ing ngarsane sarta padha kalakon bisa ngrimuk Blastus, punggawa ing kratone Sang Nata, supaya mbiyantu wong-wong mau. Banjur padha nyuwun bedhami, awit nagarane iku oleh pangan saka ing bawahe Sang Prabu.