Ing saben dhaerah kang wus tampa dhawuh undhang-undhange Sang Prabu, wong-wonge Yahudi padha susah banget banjur padha puwasa tuwin nangis sarta sesambat, akeh kang padha turu alemek bagor lan awu.
Prameswari Ester tumuli nimbali Hatakh, priyayi abdine Sang Prabu, kang kapatah ngladeni Sang Prameswari, kaweling supaya miterang marang Pak Mordekhai, apa karepe lan apa sebabe mangkono.
banjur dicaritani dening Pak Mordekhai apa salelakone kabeh, lan mungguh kasaguhane Sang Haman nimbang salaka, bakal kalebokake ing gedhong rajabranane Sang Prabu, minangka bebana tumrap panumpese bangsa Yahudi.
Ing dina kang kapindho iku, nalika padha ngunjuk anggur, Sang Prabu banjur ndangu marang Sang Prameswari Ester: “Heh Ratu Ester, apa kang dadi panyuwunira? Mesthi bakal kaparingan. Karepira apa, mesthi kasembadan, sanadyan ngantia saparoning karajan.”
Sang Prabu banjur ngandika marang Sang Prameswari Ester: “Ana beteng Susan bae wong Yahudi wus padha mateni lan numpes limang atus, sarta maneh anake Haman sapuluh. Ing dhaerah-dhaerahing karaton liyane, embuh apa kang katindakake. Lan saiki apa panyuwunira maneh? Mesthi bakal disembadani.”