5 Prameswari Ester tumuli nimbali Hatakh, priyayi abdine Sang Prabu, kang kapatah ngladeni Sang Prameswari, kaweling supaya miterang marang Pak Mordekhai, apa karepe lan apa sebabe mangkono.
Nalika ing dina kang kaping pitune nalika Sang Prabu karenan ing galih marga saka sumuking anggur, Sang Nata banjur dhawuh marang priyagung kadhaton pitu kang caos ana ing ngarsane, asmane: Mehuman, Bizta, Kharbona, Bigta, Abagta, Zetar lan Karkas,
Nanging Sang Prameswari mopo sowan ngestokake timbalan dalem kang kaaturake dening priyayi kadhaton mau, temah Sang Prabu duka banget nganti mangar-mangar pasuryane.
Para cethine Sang Prameswari Ester sarta para abdi liyane tumuli padha ngunjuki uninga, temah Sang Prameswari banget sekel ing galih, banjur ngintuni sandhangan marang Pak Mordekhai supaya dianggoa, sarta ngrucata bagore, nanging ora ditampani.
Awit Imam Agung kita iku dudu imam agung kang ora bisa ngrasakake sakehing kaapesan kita nanging malah kang padha karo kita; Panjenengane wis ngalami kagodha nanging ora damel dosa.