Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 4:3 - Kitab Sutji

3 Ing saben dhaerah kang wus tampa dhawuh undhang-undhange Sang Prabu, wong-wonge Yahudi padha susah banget banjur padha puwasa tuwin nangis sarta sesambat, akeh kang padha turu alemek bagor lan awu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 4:3
20 Iomraidhean Croise  

Nalika jamane Sang Prabu Ahasyweros – yaiku Sang Prabu Ahasyweros kang ngratoni tlatah satus pitulikur, wiwit saka ing Indhia tutug ing Etiopia –


Para abdi dalem panitra padha katimbalan, – iku pinuju sasi kapisan tanggal ping telulas, – banjur padha nulis kaya sapituduhe Sang Haman, ijoane, prentah marang para wakile Sang Prabu, tuwin saben bupati kang mangku wilayah, apadene saben panggedhening bangsa, yaiku marang saben wilayah nganggo tulisane lan marang saben bangsa manut basane, panulise atas asmane Sang Prabu Ahasyweros lan kaecap mawa sesupe cape Sang Prabu.


“Sumangga sampeyan nglempakaken sakathahipun tiyang Yahudi ingkang wonten ing Susan; kula sami sampeyan siyamaken, sampun nedha lan ngombe rinten dalu, ngantos tigang dinten dangunipun! Rinten kalayan dalu. Kula kaliyan para cethi kula ugi badhe siyam; dene sasampunipun, sanadyan kula nerak angger-anggeripun, Sang Prabu, kula badhe marak ing ngarsanipun Sang Prabu; manawi kula kapeksa pejah, kajengipun kula pejah.”


Mangkono iku nganti tekan ing ngareping gapuraning kraton, ujer ora ana wong kang kena lumebu ing gapura kalawan manganggo bagor.


Para cethine Sang Prameswari Ester sarta para abdi liyane tumuli padha ngunjuki uninga, temah Sang Prameswari banget sekel ing galih, banjur ngintuni sandhangan marang Pak Mordekhai supaya dianggoa, sarta ngrucata bagore, nanging ora ditampani.


supaya padha ngriyayakake dina Purim iku ing wektu kang wus katemtokake, miturut dhawuhe Sang Mordekhai, priyagung Yahudi mau lan Sang Prameswari Ester, sarta miturut kasaguhane ngestokake tumrap ing awake dhewe lan saturun-turune, bab prakara puwasa lan patangisan.


Ayub banjur njupuk wingka kagawe ngeroki awake, sarta nglosod ana ing pawuhan.


Ing nalika iku Pangeran, Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah dhawuh marang wong supaya nangis lan sesambat kalawan gundhul lan manganggo bagor;


Mulane aku celathu: “Aku aja koktolih, etogna bae anggonku nangis kepati; aja meksa aku supaya kau kelipur ing bab patine putrining bangsaku.”


Lah apa pasa kang kaya mangkene iki kang Sunkarsakake, tuwin nganakake dina kanggo ngesorake badan, manawa sira ndhingkluk kaya glagah lan njereng bagor sarta awu sira anggo lemek turu? Apa iku kang sira arani pasa, nganakake dina kang dadi keparenge Pangeran Yehuwah?


Pangadhuh seru, panjerit ngaru-ara keprungu ing sira; padha nguwur-uwuri awu sirahe, padha gulung ana ing lebu.


Aku banjur tumenga marang Pangeran Allah prelu ndedonga lan nyenyuwun kalawan puwasa lan manganggo bagor lan awu.


Prakara iku bareng kapiyarsa dening Sang Nata ing Niniwe, panjenengane tumuli tedhak saka ing dhampar, ngrucat pangagemaning kaprabon, sarta mangagem bagor tuwin banjur lenggah nglosod ing awu.


padha kacemplungake ing pawon murub; ing kono kang bakal tinemu panangis lan keroting untu.


Sang Nata banjur ngandika marang para abdine: Tlikungen tangane lan sikile, nuli uncalna menyang ing panggonan kang peteng dhewe, ing kono kang bakal tinemu panangis lan keroting untu.


Anadene batur kang tanpa guna iku uncalna menyang ing pepeteng kang banget petenge. Ing kono kang ana mung tangis lan keroting untu.”


Senapati Yusak nuli nyuwek pangagemane sarta sujud sumungkem konjem ing bumi ana ing ngarepe pethining Yehuwah nganti tumeka ing wayah sore, bebarengan karo para tuwa-tuwane Israel, kambi nguwur-nguwuri lebu ing mustakane.


Bareng para kongkonan tekan ing Gibea-Saul lan mratelakake prakara iku marang bangsa iku, bangsa iku nuli padha nangis kelara-lara.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan