Bareng wus tutug dinane patangisan mau, Sang Yusuf banjur ngandika marang para abdi ing kedhatone Sang Prabu Pringon: “Manawa aku oleh sihmu, bok iya aku padha koktembungake ana ing ngarsane Sang Prabu Pringon, mangkene:
Bareng Pak Mordekhai weruh anane lelakon, banjur nyuwek panganggone, tuwin manganggo bagor sarta awu, nuli metu lumaku ana ing satengahing kutha, kalawan sesambat memelas asih kanthi swara sora.
Ing saben dhaerah kang wus tampa dhawuh undhang-undhange Sang Prabu, wong-wonge Yahudi padha susah banget banjur padha puwasa tuwin nangis sarta sesambat, akeh kang padha turu alemek bagor lan awu.
Utawa arep apa kowe mrana iku? Apa arep ndeleng wong kang manganggo sarwa alus? Wong kang manganggo endah lan kang uripe mewah iku panggonane ana ing kraton.