Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 4:16 - Kitab Sutji

16 “Sumangga sampeyan nglempakaken sakathahipun tiyang Yahudi ingkang wonten ing Susan; kula sami sampeyan siyamaken, sampun nedha lan ngombe rinten dalu, ngantos tigang dinten dangunipun! Rinten kalayan dalu. Kula kaliyan para cethi kula ugi badhe siyam; dene sasampunipun, sanadyan kula nerak angger-anggeripun, Sang Prabu, kula badhe marak ing ngarsanipun Sang Prabu; manawi kula kapeksa pejah, kajengipun kula pejah.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 4:16
29 Iomraidhean Croise  

Marga wus Sunpilih supaya mrentahana marang anak-anake lan tedhak-turune amrih padha ngambaha margine Sang Yehuwah, sarta nglakoni kabeneran lan kaadilan, supaya Sang Yehuwah maringana marang Abraham apa kang wus diprasetyakake.”


Gusti Allah Kang Mahakuwaos muga karsaa ngosikake panggalihe panggedhe mau satemah kowe padha oleh kawelasan, supaya nglilanana sadulurmu sijine karo Benyamin padha mulih bareng salakumu. Dene mungguh aku iki, manawa meksa kudu kelangan anak-anakku, iya wis kareben kelangan.”


Diteteg atimu lan payo padha nyantosakake atiku kanggo bangsa lan kutha-kuthane Gusti Allah kita. Muga Sang Yehuwah nindakna kang dadi karsane.”


Manawa kandha: Ayo padha lumebu ing kutha, kutha lagi katempuh ing pailan, aku bakal padha mati ana ing kana. Dene manawa ana ing kene, iya bakal padha mati. Mulane saiki ayo padha mbalik bae menyang ing pabarisane wadya-bala Aram. Manawa aku padha ditogake bae, aku iya bakal padha urip, dene manawa dipateni, iya padha mati.”


Sang Prabu Yosafat dadine ajrih lan banjur mutus arep ngupaya Pangeran Yehuwah sarta ngundhangake pasa ing satanah Yehuda kabeh.


Aku tumuli ngundhangake puwasa ana ing pinggire kali Ahawa kono, kareben aku padha ngesorake dhiri ana ing ngarsane Gusti Allah kita sarta nyuwun slameting lakuku marang Panjenengane tumrap aku kabeh, anak-anakku apadene tumrap sabarang darbekku kabeh.


Ing kono Sang Prameswari Ester dhawuh ngaturi wangsulan marang Pak Mordekhai mangkene:


Pak Mordekhai tumuli lunga lan nglakoni apa sapiwelinge Sang Prameswari Ester mau.


Ing saben dhaerah kang wus tampa dhawuh undhang-undhange Sang Prabu, wong-wonge Yahudi padha susah banget banjur padha puwasa tuwin nangis sarta sesambat, akeh kang padha turu alemek bagor lan awu.


Bareng wus tutug telung dinane Sang Prameswari Ester banjur ngagem busana kaprabon, tumuli jumeneng ana ing plataran njero madhep marang kadhaton, Sang Prabu mbeneri lenggah ing dhamparing karajan ana ing kadhaton.


supaya padha ngriyayakake dina Purim iku ing wektu kang wus katemtokake, miturut dhawuhe Sang Mordekhai, priyagung Yahudi mau lan Sang Prameswari Ester, sarta miturut kasaguhane ngestokake tumrap ing awake dhewe lan saturun-turune, bab prakara puwasa lan patangisan.


Ing nalika iku Pangeran, Sang Yehuwah Gustining sarwa tumitah dhawuh marang wong supaya nangis lan sesambat kalawan gundhul lan manganggo bagor;


Dene nalika ing taun kang kaping limane paprentahane Sang Prabu Yoyakim bin Yosia, ratu ing Yehuda, ing sasi kasanga, diundhangake puwasa ana ing ngarsane Sang Yehuwah tumrap sakehing wong ing Yerusalem lan rakyat kabeh kang teka ing Yerusalem saka ing kutha-kutha Yehuda.


supaya tumuli padha nyuwun sih-piwelase Gusti Allahing saindenge langit ing bab kang winadi mau, satemah Dhaniel sakancane ora bakal kasirnakake bebarengan karo para wicaksana liyane ing Babil.


Awit padha kaya Yunus anggone ana ing wetenge iwak telung dina telung bengi, mangkono uga Putraning Manungsa bakal ana ing jerone telenging bumi telung dina telung bengi.


Sabab sing sapa kumudu-kudu rumeksa marang nyawane, iku bakal kelangan nyawane; nanging sing sapa kelangan nyawane marga saka Aku, iku bakal nylametake nyawane.


Wangsulane Sang Pilatus: “Apa kang wus daktulis, tetep katulis.”


Sapengkere malaekat kang mangandikani mangkono mau, Kornelius banjur ngundang bature loro tuwin prajurit siji kang mursid, panunggalane kang tansah tetunggalan kalawan dheweke,


Ananging aku sathithik bae ora ngetung marang nyawaku, angger aku bisa nutugake lakuku lan ngrampungake bubuhan kang kaparingake marang aku dening Gusti Yesus, iya iku nekseni bab Injile sih-rahmating Allah.


Nanging Rasul Paulus maringi wangsulan mangkene: “Yagene kowe padha nangis lan gawe trenyuhing atiku? Amarga aku wis cumandhang, ora ngemungake dibanda bae, malah sanadyan nganti dipateni pisan ana ing Yerusalem marga saka asmane Gusti Yesus.”


Bareng wis ngarepake raina, Rasul Paulus ngatag marang wong kabeh, padha dipurih mangan, pangandikane: “Sampun kawan welas dinten dangunipun anggen panjenengan sami ngantos-antos kemawon, nahan-nahanaken luwe boten dhahar punapa-punapa.


Nganti telung dina lawase anggone ora bisa ndeleng sarta ora mangan lan ngombe.


Iku wus padha ngetohake nyawane kanggo mitulungi uripku. Ora ngamungake aku bae kang aweh panarima, nanging iya sakehing pasamuwan kang dudu Yahudi.


Marga saka ayahane Sang Kristus dheweke meh tinggal donya lan ngetohake nyawane kanggo ngganepi apa kang isih kurang sajroning anggonmu padha leladi marang aku.


Nanging manawa panimbangmu ora prayoga ngabekti marang Pangeran Yehuwah, mara ing dina iki kowe padha miliha, sapa kang arep kokbekteni, apa allah kang dibekteni para leluhurmu ana ing sabrange bengawan Efrat, apa allahe wong Amori kang nagarane padha kokenggoni iki. Nanging mungguh ing aku lan sakulawangsaku iki, aku bakal padha ngabekti marang Pangeran Yehuwah!”


Tiyang punika rak sampun ngetohaken nyawanipun lan sampun ngawonaken tiyang Filisti punika sarta Sang Yehuwah sampun paring kaunggulan dhateng tiyang Israel sadaya. Panjenengan dalem sampun nguningani lan suka ing galih margi saking punika. Kenging punapaa panjenengan dalem kok badhe nandukaken piawon dhateng rahipun tiyang ingkang resik, badhe mejahi Dawud tanpa sebab?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan