ESTER 4:13 - Kitab Sutji13 Pak Mordekhai banjur akon matur marang Prameswari Ester mangkene: “Panjenengan dalem sampun kagungan panginten, bilih badhe oncat piyambak saking antawisipun tiyang Yahudi, dumeh panjenengan dalem wonten ing karaton. Faic an caibideil |
Sebab sanadyan ing wekdal punika panjenengan dalem namung kendel kemawon, mesthi badhe wonten pangluwaran sarta pitulungan saking tiyang sanesipun tumrap tiyang Yahudi, dene panjenengan dalem sakulawarga dalem badhe sami tumpes. Sinten ingkang mangretos, bokmanawi inggih tumuju dhateng ing wekdal ingkang kados sapunika punika anggen panjenengan dalem angsal kalenggahaning prameswari.”