Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 4:11 - Kitab Sutji

11 “Sakathahing para abdinipun Sang Prabu sadaya dalah tiyang ing sakathahipun dhaerah wewengkonipun Sang Prabu sadaya sampun sami sumerep, bilih tumrap sinten-sintena, jalera estria, ingkang seba dhateng ngarsanipun Sang Prabu ngantos dumugi ing plataran nglebet, boten sarana dipun timbali, namung wonten undhang-undhang satunggal ingkang tumindak: inggih punika paukuman pejah. Namung manawi Sang Prabu karsa ngathungaken jungkating kaprabon kancana dhateng tiyang punika, tiyang punika tetep gesang. Lan salebetipun tigang dasa dinten punika kula boten katimbalan marek ing ngarsanipun Sang Prabu.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 4:11
9 Iomraidhean Croise  

Manawi ndadosaken keparenging panggalihipun Sang Prabu, mugi ndhawuhna undhang-undhang ing karajan kapacaka wonten ing angger-anggeripun bangsa Persia lan Media, ingkang boten kenging kaceled, inggih punika bilih Sang Prameswari Wasti boten kenging sowan malih wonten ing ngarsanipun Sang Prabu Ahasyweros, saha kalenggahanipun dados Prameswari kaparingna dhateng putri sanesipun, ingkang ngungkuli utaminipun.


Lumebune ing wayah sore, dene anggone mundhur ing wayah esuk, nanging kang kapisan iku menyang ing kaputren kang kapindho, kang kareksa dening Saasgas, abdi dalem kang ngreksa kaputrening para garwa ampeyan. Dheweke ora marek maneh marang ing ngarsane Sang Prabu, kajaba manawa dikarsakake dening Sang Nata, sarta ditimbali kalawan kasebutake jenenge.


Nanging Prameswari Ester banjur dhawuh marang Hatakh, supaya matur marang Pak Mordekhai:


Bareng piwelinge Sang Prameswari Ester dikandhakake marang Pak Mordekhai,


Pandangune Sang Prabu: “Sapa kang ana ing plataran kono iku?” Ing wektu iku Sang Haman lagi bae rawuh ana ing plataraning kadhaton ing njaba arep ngunjuki uninga marang Sang Prabu bab Pak Mordekhai, kang arep disulah ana ing panyulahan kang wus kacawisake kanggo dheweke.


Sang Prabu banjur ngacungake jungkating kaprabon kancana marang Sang Prameswari Ester, tumuli Sang Putri jumeneng ana ing ngarsane Sang Prabu,


yaiku manawa sira ora padha ngunjuki uninga marang ingsun bab supena iku, sira bakal padha kena ing paukuman kang padha; sarta ingsun mirsa, manawa sira wus padha saiyeg bakal munjuk marang ingsun bab-bab kang ora nyata lan dora, nganti kaanan salin. Awit saka iku unjukna supena iku marang ingsun, supaya ingsun uninga, manawa sira padha bisa ngaturake maknane uga marang ingsun.”


Samono uga kowe, he, para wong lanang, anggonmu jejodhoan nganggoa duga-duga tumrap para wong wadon, awit iku golongan kang luwih ringkih! Padha ajenana amarga iku padha kanca ahli-warise sih-rahmating kauripan, supaya pandongamu aja nganti kaalangan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan