Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 3:9 - Kitab Sutji

9 Ingkang punika manawi wonten keparenging karsa dalem Sang Prabu, mugi wontena serat dhawuh dalem, ingkang suraosipun, supados bangsa wau katumpesa; wasana kawula badhe nimbang salaka sedasa ewu talenta lan masrahaken dhateng para tiyang ingkang nglampahaken ayahan dalem, supados dipun lebetaken ing gedhong rajabrananipun Sang Prabu.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 3:9
7 Iomraidhean Croise  

Rama Abraham banjur ndhahar ature Efron, sarta Efron dibobotake dhuwit pangajine lemah kaya kang dipratelakake lan dirungu dening wong-wong bani Het mau, patang atus sekel selaka kang laku tumrape dagang.


Sang Prabu nuli nglolos sesupe cap saka ing racikane, kaparingake marang Sang Haman bin Hamedata, wong Agag, satrune bangsa Yahudi.


Sang Haman nuli munjuk marang Sang Prabu Ahasyweros: “Wonten sawenehing bangsa ingkang pating slebar saha kapencil ing satengahipun para bangsa ing saindenging karajanipun gusti kawula, saha ingkang adat-tata-caranipun beda kaliyan adat-tata-caranipun sakathahipun bangsa sanesipun. Pranatanipun Sang Prabu ugi boten dipun estokaken, mila boten prayogi kagem Sang Nata, manawi ngendelaken tiyang-tiyang wau anggenipun tumindak makaten kanthi mardika.


banjur dicaritani dening Pak Mordekhai apa salelakone kabeh, lan mungguh kasaguhane Sang Haman nimbang salaka, bakal kalebokake ing gedhong rajabranane Sang Prabu, minangka bebana tumrap panumpese bangsa Yahudi.


Amargi kawula sampun sami kasade, inggih kawula, dalah bangsa kawula, badhe katumpes, kapejahan tuwin kasirnakaken. Saupami kawula namung sami kasade saha kadadosaken rencang jaler kaliyan estri, kawula mesthi kendel kemawon, nanging panganiaya punika boten wonten tandhingipun ing antawisipun bebaya ingkang nempuh Sang Prabu.”


Ing nalika iku uga ana wong Kasdim sawatara kang padha nggugat wong Yahudi.


Bareng wiwit etang-etangan, ana siji kasebakake kang duwe utang saleksa talenta.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan