ESTER 3:8 - Kitab Sutji8 Sang Haman nuli munjuk marang Sang Prabu Ahasyweros: “Wonten sawenehing bangsa ingkang pating slebar saha kapencil ing satengahipun para bangsa ing saindenging karajanipun gusti kawula, saha ingkang adat-tata-caranipun beda kaliyan adat-tata-caranipun sakathahipun bangsa sanesipun. Pranatanipun Sang Prabu ugi boten dipun estokaken, mila boten prayogi kagem Sang Nata, manawi ngendelaken tiyang-tiyang wau anggenipun tumindak makaten kanthi mardika. Faic an caibideil |
Ingkang punika manawi wonten keparenging karsa dalem Sang Prabu, mugi wontena serat dhawuh dalem, ingkang suraosipun, supados bangsa wau katumpesa; wasana kawula badhe nimbang salaka sedasa ewu talenta lan masrahaken dhateng para tiyang ingkang nglampahaken ayahan dalem, supados dipun lebetaken ing gedhong rajabrananipun Sang Prabu.”
Sawuse mangkono para priyayi mau tumuli sowan ing ngarsane Sang Prabu lan munjuk pitaken bab larangane Sang Prabu: “Gusti kawula rak ngundhangaken awisan, ing salebetipun tigang dasa dinten punika saben tiyang ingkang nyenyuwun dhateng salah satunggaling dewa utawi manungsa, boten namung mligi dhumateng gusti kawula, dhuh Sang Prabu, badhe kacemplungaken ing luwenging singa?” Paring wangsulane Sang Prabu: “Prakara iku wus katemtokake miturut angger-anggere bangsa Medhia lan Persia, kang ora kena diceled.”