Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 3:6 - Kitab Sutji

6 Nanging Sang Haman nganggep keremehen manawa mung Pak Mordekhai thok kang diarah patine, amarga wus kaaturan uninga, Mordekhai iku bangsa apa. Dadi pangangkahe arep numpes sakehing wong Yahudi, kang tunggal bangsa karo Pak Mordekhai, kang ana ing saindenging karajane Sang Prabu Ahasyweros.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 3:6
6 Iomraidhean Croise  

Nalika jumenenge Sang Prabu Ahasyweros ing wiwitane anggone ngasta paprentahan, wong mau padha ngunjukake layang panggugat tumrap para wong kang wus padha manggon ing Yehuda lan ing Yerusalem.


nanging sawuse prakara iku mau kaunjukake marang Sang Prabu, panjenengane banjur paring dhawuh kamot ana ing serat, pangarahe ala marang bangsa Yahudi iku mbalika marang mastakane Sang Haman dhewe. Sang Haman saputra-putrane tumuli padha kasulah ana ing panyulahan.


sami ngrantam paekan nglawan Paduka, sarta sami sakuthon badhe nglawan para ingkang Paduka ayomi.


Wicantenipun makaten: “Ayo kita padha nyirnakake bangsa iku supaya jenenge Israel ora kocap maneh!”


“Apa kang diucapake para wong iku ora sira gatekake: Turun rong kulawarga, kang piniji dening Sang Yehuwah iku wus tinampik dening Panjenengane? Kanthi patrap mangkono wong iku padha ngremehake umatingSun, amarga iku ora dianggep dadi bangsa maneh.


Mulane padha sukarenaa, he, swarga lan he, sira kabeh kang padha ngenggoni, bilai kowe, he, bumi lan sagara! marga Iblis wus ngudhuni sira, kalawan nepsu banget, marga weruh, yen wektune mung kari sathithik.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan