Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 3:5 - Kitab Sutji

5 Bareng Sang Haman mirsa yen Pak Mordekhai ora tumungkul sujud marang panjenengane, banjur banget muring-muringe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 3:5
13 Iomraidhean Croise  

Nanging Sang Prameswari mopo sowan ngestokake timbalan dalem kang kaaturake dening priyayi kadhaton mau, temah Sang Prabu duka banget nganti mangar-mangar pasuryane.


Lan sakehing para abdine Sang Prabu kang ana ing gapuraning karaton padha tumungkul sujud ana ing ngarsane Sang Haman mau, amarga pancen mangkono iku prentahe Sang Prabu, nanging Mordekhai ora tumungkul sujud.


Sarehne Pak Mordekhai bola-bali dikandhani mangkono saben dina, meksa ora ngrewes, mulane wong kabeh mau tumuli padha matur marang Sang Haman, arep weruh apa pratingkahe mangkono iku bisa kalestarekake, awit Mordekhai mau wus tutur, yen dheweke iku wong Yahudi.


Ing dina iku Sang Haman mundur kalawan rena lan gambira panggalihe. Nanging bareng Sang Haman mau mirsani Pak Mordekhai ana ing gapuraning kadhaton, ora ngadeg lan ora obah ngurmati ana ing ngarsane Sang Haman, galihe Sang Haman benter banget tumrap Mordekhai.


Awit sanyatane wong bodho iku pinatenan dening kanepsone dhewe, sarta wong kang tanpa nalar iku kasirnakake dening kamerening atine dhewe.


Wong duraka nganam-anam pitenah nglawan wong mursid, sarta nggeget-nggeget untu ana ing ngarepe.


Wong kang mratelakake laraning atine sanalika iku uga, iku bodho, nanging wong kang ora mreduli marang pamoyok iku wicaksana.


Wong kang enggal banget nepsune, bakal kena dhendha, sabab saupama kowe nyoba arep nulungi, malah mundhak nepsune.


Wong kang ndhugal lan kumlungkung iku kasebut wong ambek memoyok, solah-tingkahe kumethak ngleluwihi.


Akeh papan kang luhur, kang dilungguhi ing wong bodho, mangka papan kang asor dilungguhi ing wong sugih.


Ing kono Sang Prabu Nebukadnezar luwih dening banget bendune sarta santun pasuryane tumrap Sang Sadrakh, Sang Mesakh lan Sang Abednego; banjur dhawuh, supaya panasing pawon katikelake pitu katimbang karo kang lumrah,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan