Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 3:2 - Kitab Sutji

2 Lan sakehing para abdine Sang Prabu kang ana ing gapuraning karaton padha tumungkul sujud ana ing ngarsane Sang Haman mau, amarga pancen mangkono iku prentahe Sang Prabu, nanging Mordekhai ora tumungkul sujud.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 3:2
15 Iomraidhean Croise  

Karodene ditunggangake ing kreta titihane piyambak kang nomer loro, sarta ing ngarepe ana kang alok-alok: “Hurmat!” Mangkono anggone Yusuf diangkat dening Sang Prabu Pringon dadi kang mengku satanah Mesir kabeh.


Sasuwene para kenya kaklumpukake kang kapindhone, Mordekhai lungguh ana ing gapuraning karaton.


Ing nalika Pak Mordekhai pinuju linggih ana ing gapuraning karaton, ana abdi dalem loro panunggalane para jagapura, kang jeneng Bigtan lan Teresy kang padha kadunungan karep ala, ngarah arep nyedani Sang Prabu Ahasyweros, amarga serik atine.


Ing nalika samana ing beteng kadhaton Susan ana sawenehing wong Yahudi, jenenge Mordekhai bin Yair bin Simei bin Kisy, wong Benyamin,


Sawuse lelakon kang kasebut ing dhuwur mau, Sang Prabu Ahasyweros njunjung Sang Haman bin Hamedata, turune Agag, diunggahake pangkate lan kalenggahane katetepake, ngungkuli sakehing para panggedhe kang ana ing ngarsane Sang Nata.


Para abdine Sang Prabu kang ana ing gapuraning kraton, banjur padha ngucap marang Mordekhai: “Punapaa dene panjenengan kok nerak dhawuhipun Sang Prabu?”


Bareng Sang Haman mirsa yen Pak Mordekhai ora tumungkul sujud marang panjenengane, banjur banget muring-muringe.


Ing dina iku Sang Haman mundur kalawan rena lan gambira panggalihe. Nanging bareng Sang Haman mau mirsani Pak Mordekhai ana ing gapuraning kadhaton, ora ngadeg lan ora obah ngurmati ana ing ngarsane Sang Haman, galihe Sang Haman benter banget tumrap Mordekhai.


kang nganggep asor marang kang ambek nistha, nanging ngajeni wong kang padha wedi asih marang Sang Yehuwah; kang ngantepi supatane, sanadyan kapitunan;


Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Kabeh iki tulisana ing buku minangka pangeling-eling, lan Yusak konen ngeling-eling temenan, yen Ingsun bakal nyirnakake babar pisan pangeling-eling marang Amalek saka ing sangisoring langit.”


lan ngandika: “Tangan ana ing sadhuwure banderaning Yehuwah. Perange Yehuwah nglawan Amalek iku turun-tumurun.”


Awit saka panyuwune Sang Dhaniel, Sang Prabu masrahake paprentahan ing wilayah Babil marang Sadrakh, Mesah lan Abednego, dene Sang Dhaniel piyambak ndherek ana ing kratone Sang Prabu.


Mulane besuk samangsa Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, wus kelakon maringi tentrem marang kowe, uwal saka sakehe mungsuh ing saubengmu, ana ing nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe minangka darbekmu lan tanah-pusakamu, kowe banjur nyirnakna pangeling-eling marang Amalek saka ing sangisore langit. Iku kowe aja nganti lali!”


supaya ana ing asmane Gusti Yesus kang ana ing langit lan kang ana ing bumi lan kang ana ing sangisore bumi, padha jengkenga


Mulane saiki mangkata, wong Amalek iku telukna, apa kang tinemu ana ing wong-wong iku sirnakna sarta aja ana kang sira welasi. Wonge lanang, wonge wadon, bocah-bocahe lan pasusone, sapine lan wedhuse, untane lan kuldine, kabeh padha patenana.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan