Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 3:13 - Kitab Sutji

13 Layange padha kakirimake lumantar pelayangan kilat kasebar marang sakehing wewengkoning karajan, iku padha kadhawuhan numpes lan mateni sarta nyirnakake sakehing wong Yahudi wiwit kang anom tekan kang tuwa, dalah bocah-bocah lan wong wadon, karampungna ing sajroning sadina: iya iku ing tanggal kaping telulas sasi kang kaping rolas – iya iku sasi Adar – lan supaya bandha kasugihane karayaha.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 3:13
14 Iomraidhean Croise  

Para utusan tumuli padha mangkat rerikatan menyang ing saindenging tanah Israel lan Yehuda kalawan nggawa layang saka Sang Prabu lan para panggedhe sarta padha mratelakake miturut dhawuhe Sang Prabu mangkene: “He, wong Israel, padha balia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Eyang Abraham, Iskak lan Israel, Panjenengane mesthi iya banjur bakal wangsul marang panunggalanmu kang isih kari, yaiku kang padha bisa oncat saka ing astane para ratu ing Asyur.


Amargi kawula sampun sami kasade, inggih kawula, dalah bangsa kawula, badhe katumpes, kapejahan tuwin kasirnakaken. Saupami kawula namung sami kasade saha kadadosaken rencang jaler kaliyan estri, kawula mesthi kendel kemawon, nanging panganiaya punika boten wonten tandhingipun ing antawisipun bebaya ingkang nempuh Sang Prabu.”


sarta munjuk: “Manawi Sang Prabu marengaken saha kawula manggih sih wonten ing ngarsa dalem, punapa malih manawi miturut panggalihipun Sang Prabu unjuk kawula punika kagalih prayogi, tur kawula damel renaning panggalih dalem, mugi kawedalna serat prentah nyeled serat-serat damelanipun Haman bin Hamedata, turunipun Agag, ingkang isi dhawuh supados numpes sakathahipun tiyang Yahudi ingkang wonten ing sakathahipun dhaerah wewengkonipun Sang Prabu.


Nalika sasi kang kaping rolas – yaiku sasi Adar – tanggal ping telulas, ing wektu dhawuh undhang-undhange Sang Prabu katindakake, ing dina kang diarep-arep dening satrune wong Yahudi anggone arep masesa wong Yahudi, wekasan kelakone malah kosokbaline: wong Yahudi kang padha ngalahake satrune.


para putra-putrane kakung Sang Haman bin Hamedata, satrune wong Yahudi kang cacahe sepuluh iku padha dipateni, nanging ora ngrayah barang darbeke.


Wong Yahudi padha ngasorake sakehing satrune: padha ditempuh kalawan pedhang, padha dipateni sarta ditumpes, mungsuhe padha digawe ing sakarep-karepe.


Playune dina-dinaning umurku rikate ngungkuli utusan kilat, wus padha larud tanpa nyumurupi kabegjan,


Iku bakal Sunutus nglawan bangsa kang murtad, tuwin bakal Sundhawuhi nglawan umat lesaning dukaningSun, supaya ngrerampas lan njarah-rayah, sarta supaya ngidak-idak bangsa mau kaya blethok ing lelurung.


Playangan kilat lumayu susul-sumusul. Para juru warta padha susul-sumusul, padha nyaosi kabar marang ratu ing Babil, yen kuthane wis padha diejegi saka ing keblat papat,


Awitdene tumindake pangadilan iku bakal tanpa welas ing ngatase wong kang ora nglakoni kawelasan. Nanging kawelasan iku bakal unggul lawan pangadilan.


Mulane saiki mangkata, wong Amalek iku telukna, apa kang tinemu ana ing wong-wong iku sirnakna sarta aja ana kang sira welasi. Wonge lanang, wonge wadon, bocah-bocahe lan pasusone, sapine lan wedhuse, untane lan kuldine, kabeh padha patenana.”


Uga wong ing Nob kuthane imam iku, padha dipateni Sang Prabu klawan landheping pedhang lananga wadona, apadene bocah-bocah lan bayi suson, dalah sapi, kuldi lan wedhuse uga padha dipateni.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan