ESTER 3:12 - Kitab Sutji12 Para abdi dalem panitra padha katimbalan, – iku pinuju sasi kapisan tanggal ping telulas, – banjur padha nulis kaya sapituduhe Sang Haman, ijoane, prentah marang para wakile Sang Prabu, tuwin saben bupati kang mangku wilayah, apadene saben panggedhening bangsa, yaiku marang saben wilayah nganggo tulisane lan marang saben bangsa manut basane, panulise atas asmane Sang Prabu Ahasyweros lan kaecap mawa sesupe cape Sang Prabu. Faic an caibideil |
wong Yahudi padha nampani iku dadi kawajiban lan katetepan tumrap awake dhewe lan saturun-turune, dalah sakehing wong kang bakal padha manunggal karo wong Yahudi, yen mesthi bakal padha ditetepi dina loro mau, ora nganti kelalen ora ngriyayakake dina loro iku saben taun, miturut apa kang katulis tumrap bab iku ing dina kang katemtokake,
Sadaya priyagung ing karajan punika, para ingkang nyepeng pangwaos saha para wakil-raja, para mentri saha bupati sampun sami saiyeg, supados wontena putusan ingkang kaundhangaken tuwin wontena putusan awisan, supados sinten ingkang salebetipun tigang dasa dinten gadhah panyuwun dhumateng salah satunggaling dewa utawa manungsa, boten dhateng panjenengan dalem, punika badhe kacemplungaken ing luwenging singa.