Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 3:11 - Kitab Sutji

11 Sang Prabu nuli dhawuh marang Sang Haman: “Salaka iku sunpasrahake marang sira, sarta bangsa iku uga sunparingake marang sira, tindakna apa kang sira anggep prayoga.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 3:11
6 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu nuli nglolos sesupe cap saka ing racikane, kaparingake marang Sang Haman bin Hamedata, wong Agag, satrune bangsa Yahudi.


Para abdi dalem panitra padha katimbalan, – iku pinuju sasi kapisan tanggal ping telulas, – banjur padha nulis kaya sapituduhe Sang Haman, ijoane, prentah marang para wakile Sang Prabu, tuwin saben bupati kang mangku wilayah, apadene saben panggedhening bangsa, yaiku marang saben wilayah nganggo tulisane lan marang saben bangsa manut basane, panulise atas asmane Sang Prabu Ahasyweros lan kaecap mawa sesupe cape Sang Prabu.


Amarga saka lemune, kaluputane katon ngegla, atine mbludag ing pandakwa.


Nanging menggah kula, kula punika wonten ing asta panjenengan, inggih sumangga, kula kapatrapana, punapa ingkang panjenengan galih sae lan leres.


Dene ing dinten punika kula sampun nguculi rante ingkang wonten ing tangan sampeyan. Manawi sampeyan purun tumut kula dhateng tanah Babil, sumangga kula badhe rumeksa dhateng sampeyan. Nanging manawi sampeyan boten kesdu tumut kula dhateng Babil, sampeyan boten prelu pangkat! Sumangga sampeyan tingali sawradinipun tanah punika ginelar wonten ing ngajeng sampeyan; sampeyan kenging kesah dhateng pundi kemawon ingkang sampeyan anggep sae saha leres.


Sarta nuli ngluwari wong kang kalebokake ing pakunjaran marga kasangkut ing pambrontakan lan mateni wong, ngetrepi panyuwune wong-wong mau, dene Gusti Yesus nuli kapasrahake marang wong-wong mau ing sakarep-karepe.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan