Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 2:9 - Kitab Sutji

9 Bocah wadon iku becik banget mungguh ing pamawase lan nuwuhake sih-kamurahane, temah banjur enggal-enggal diwenehi geganda arum tuwin cadhong-cadhonge, lan bocah wadon pilihan pitu saka ing kadhaton, sarta banjur kaelih menyang panggonan kang becik dhewe ing kaputren kinanthenan bocah-bocah wadon mau.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 2:9
12 Iomraidhean Croise  

Nanging Sang Yehuwah nunggil kalawan Yusuf, kaparingan sih lan diolehake ati saka panggedhene pakunjaran.


temahan Yusuf oleh sihe bendarane kepareng dadi paladene. Malah nganti dipasrahi mengku dalem lan dipracaya nguwasani sabarang kagungane kabeh.


Paduka mugi karsaa paring pangapunten dhumateng umat Paduka ingkang sampun dosa dhumateng Paduka punika, karsaa ngapunten sakathahing panerakipun ingkang katandukaken dhumateng Paduka punika, saha mugi Paduka karsaa ndadosaken tiyang-tiyang wau sami tampi sih-piwelasipun para tiyang ingkang mboyongi kadadosaken tawanan, satemah lajeng sami dipun welasi,


Imam Ezra iku budhal saka ing Babil. Panjenengane iku ahli Kitab, putus ing Torete Nabi Musa, peparinge Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel. Lan Sang Prabu maringi apa kang disuwun, amarga astane Pangeran Yehuwah ngayomi panjenengane.


Punapa dene serat dhateng Asaf, ingkang rumeksa kagungan dalem wana, supados nyukani kajeng dhateng kawula kangge dlurunging gapura-gapuraning betengipun Padaleman Suci, kangge balowartinipun kitha tuwin kangge griya ingkang badhe kawula enggeni.” Sang Prabu nuli iya njurungi panyuwunku, amarga astane Allahku kang mahamirah ngayomi aku.


Saben-saben para kenya mau giliran lumebu marak marang ngarsane Sang Prabu Ahasyweros, lan sadurunge karawat dhisik manut tatanan tumrap ing para wanita, suwene rolas sasi; dene sasuwene iku padha migunakake wangen-wangen: nem sasi nganggo lenga mur, sarta nem sasi nganggo lenga kasai lan wangen-wangen liyane kang kanggo para wanita.


Sang Prabu mugi karsaa matah priyantun ing saindenging tlatahipun karaton dalem, supados sami nglempakaken lare-lare ingkang ayu-ayu, kabektaa dhateng beteng kadhaton Susan, kapapana wonten ing kaputren, kapitadosna dhateng Hegai, priyantun kadhaton dalem, ingkang jagi kaputren; para kenya wau sami kaparingana geganda arum,


Bareng Sang Prabu mirsani Sang Prameswari jumeneng ana ing plataran, Sang Prameswari Ester mau karentahan ing sihwilasa dalem, temah diathungi jungkating kaprabon kancana kang kaasta, Sang Prameswari Ester banjur marepeki ndumuk pucuking jungkat iku.


Padha diparengake oleh kawelasan saka ing sakehing wong kang padha nawan.


Manawa ana wong kang lakune ndadekake keparenge Sang Yehuwah, iku dalasan satrune iya dirukunake karo wong mau.


Gusti Allah tumuli ngolehake sih-piwelas ana ing ngarepe kepala punggawa kraton iku;


sarta dipun luwari saking sakathahing sangsaranipun saha kaparingan sih-rahmat tuwin kawicaksanan, nalika wonten ing ngarsanipun Sang Prabu Pringon, nata ing Mesir, lajeng kawisudha dening Sang Prabu Pringon dados ingkang ngasta panguwaos tumrap ing tanah Mesir tuwin tumrap kratonipun sadaya.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan