Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 2:7 - Kitab Sutji

7 Mordekhai mau duwe momongan wadon, jenenge Hadasa, yaiku Ester, anake sadulure bapakne, awit wis ora duwe bapa-biyung; bocah iku pawakane endah lan sulistya ing warna. Nalika bapa-biyunge ngajal, banjur kapupu dening Mordekhai iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 2:7
12 Iomraidhean Croise  

Kang iku anakmu loro kang laire patutan karo kowe ana ing tanah Mesir, sadurunge aku teka mrene, iku padha dadia anakku; Efraim lan Manasye dadia anakku padha kaya Ruben lan Simeon.


padha kadhawuhan nyowanake Sang Prameswari Wasti mau marang ing ngarsa dalem kalawan ngagem makuthaning kaprabon, supaya mamerna kaendahaning warnane marang para kawula lan para panggedhe, amarga Sang Prameswari iku endah banget warnane.


Nalika Ester – anake Abihail pamane Mordekhai, kang mupu Ester iku – wus ndungkap gilirane marak marang ing ngarsane Sang Prabu, Ester mau ora njaluk apa-apa, kajaba mung kang diprayogakake Hegai, abdi dalem lurah kaputren. Dene Ester ndadekake reseping atine angger wong kang nyawang.


Anadene Sang Prameswari Ester ora mratelakake mungguh asal lan bangsane, netepi piwelinge Mordekhai, amarga Sang Putri iku tansah nindakake apa sakandhane Pak Mordekhai kayadene nalika isih digulawenthah.


Ing dina iku Sang Prabu Ahasyweros maringake barang darbeke Sang Haman, satrune bangsa Yahudi marang Sang Prameswari Ester karodene Pak Mordekhai kasowanake marang ngarsane Sang Prabu, amarga Sang Prameswari Ester wus ngunjuki uninga, Pak Mordekhai iku kaprenah apa karo panjenengane.


utawa panganku dakpangan dhewe, mangka anak yatim ora melu mangan


– malah kayadene bapa anggonku nggedhekake bocah mau, sarta anggonku nuntun wiwit ana ing guwa-garbane biyunge –


Lan Ingsun bakal dadi Ramanira, sarta sira bakal padha dadi putraningSun lanang lan wadon. Mangkono pangandikane Pangeran, Kang Mahakuwasa.”


Lan kowe para bapa, aja padha gawe seriking atine anak-anakmu, nanging gulawenthahen ing bab piwulang lan pepeling kang saka ing Gusti.


Kawruhana, sapira gedhene katresnan kang diparingake dening Sang Rama marang kita, nganti kita padha kasebut para putraning Allah, lah kita pancen putraning Allah. Mulane jagad ora wanuh marang kita, amarga jagad iku ora wanuh marang Panjenengane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan