ESTER 2:5 - Kitab Sutji5 Ing nalika samana ing beteng kadhaton Susan ana sawenehing wong Yahudi, jenenge Mordekhai bin Yair bin Simei bin Kisy, wong Benyamin, Faic an caibideil |
Amarga Sang Mordekhai iku dadi priyagung kang angka loro ing sangandhape Sang Prabu Ahasyweros, lan panjenengane diurmati dening wong Yahudi lan ditresnani dening para sentanane, amarga anggone ngudi murih kabegjaning bangsane lan marga kang kapangandikakake iku tumuju marang ing karaharjaning bangsane.
Sang Prabu mugi karsaa matah priyantun ing saindenging tlatahipun karaton dalem, supados sami nglempakaken lare-lare ingkang ayu-ayu, kabektaa dhateng beteng kadhaton Susan, kapapana wonten ing kaputren, kapitadosna dhateng Hegai, priyantun kadhaton dalem, ingkang jagi kaputren; para kenya wau sami kaparingana geganda arum,