Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 2:23 - Kitab Sutji

23 Prakara mau nalika katiti-priksa, tinemu nyata mangkono. Abdi loro mau padha disulah ana ing cagak. Sabanjure lelakon iku katulis ana ing buku sejarah ana ing ngarsane Sang Prabu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 2:23
11 Iomraidhean Croise  

Salebetipun tigang dinten punika Sang Prabu Pringon badhe nginggahaken panjenengan dhateng papan ingkang inggil, panjenengan badhe dipun gantung ing cagak, saha peksi-peksi badhe nedha daginging salira panjenengan.”


Nanging lurah dhaharan digantung, cocog kaya anggone negesake Yusuf marang para lurah mau.


supados kawontenaken panitipriksa ing serat babadipun para leluhur dalem. Panjenengan dalem lajeng badhe manggih ing serat babad ngriku sarta badhe nguningani bilih kitha punika pancen sampun dados kitha duraka, ingkang tansah njalari pitunanipun para ratu tuwin ing dhaerah-dhaerah, punapa malih tiyang isinipun sampun wiwit kina mila tansah ngwontenaken pageger, ngantos kitha punika dados risak.


Mungguh sakehing lelabetane kang linuwih lan kaprawirane, apadene andharaning caritane bab kaluhuran kang diparingake dening Sang Nata marang Sang Mordekhai, kabeh iku rak wis katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Media lan Persia?


Zeresy kang garwa, dalah para mitrane kabeh padha saiyeg matur: “Sae kadamelna saka panyulahan, ingkang inggilipun seket asta, lan benjing-enjing panjenengan munjuk dhumateng Sang Prabu, supados Mordekhai kasulaha wonten ing saka punika. Sasampunipun makaten, dipun eca ing galih anggen panjenengan ndherek Sang Prabu dhateng bujana.” Prakara iku digalih becik dening Sang Haman, tumuli dhawuh gawe saka panyulahan.


Ing bengi iku uga Sang Prabu ora bisa sare. Sang Prabu banjur dhawuh mundhut layang pengetan sejarah, tumuli kawaca ana ing ngarsane Sang Prabu.


Wasana Haman kasulah ana ing panyulahan kang didegake kanggo Pak Mordekhai. Dukane Sang Prabu temah lilih.


Para wong kang ngabekti marang Sang Yehuwah padha rasanan mangkene: “Pangeran Yehuwah ngudaneni lan miyarsakake, apadene kitab pengetan katulis ana ing ngarsane kanggo wong kang padha ngabekti marang Sang Yehuwah lan kang ngajeni asmane.”


Dene ratu ing Ai iku digantung ing saka, nganti tumeka ing wayah sore. Bareng wayah suruping srengenge, Sang Yusak dhawuh ngudhunake layone saka ing saka mau, banjur dibuwang ing ngarepe gapuraning kutha sarta diadegi tumpukan watu gedhe-gedhe, kang isih lestari nganti tumeka saprene.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan