Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 2:21 - Kitab Sutji

21 Ing nalika Pak Mordekhai pinuju linggih ana ing gapuraning karaton, ana abdi dalem loro panunggalane para jagapura, kang jeneng Bigtan lan Teresy kang padha kadunungan karep ala, ngarah arep nyedani Sang Prabu Ahasyweros, amarga serik atine.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 2:21
13 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu ngandika maneh marang Sang Abisai lan marang sakehe para abdine: “Dene putraningsun piyambak bae ngarah nyawaningsun, mendahane maneh turune Benyamin iki saiki. Wis togna bae, kareben ngipat-ipati amarga Sang Yehuwah kang ndhawuhi marang wong iku mangkono.


Nuli ana punggawane, kang asma Zimri, panggedhening saparone wadya-bala kretan, kang nganakake sekuthon nglawan panjenengane. Nalika panjenengane lagi ngunjuk inuman keras nganti wuru ana ing Tirza ana ing daleme Sang Arza, kang dadi panggedhene kraton ing Tirza,


Para punggawane padha nganakake sekuthon banjur nyedani Sang Prabu Yoas ana ing dalem ing Milo, ing dalan kang mudhun anjog ing Sila.


Para punggawane Sang Prabu Amon banjur padha nganakake sekuthon nglawan panjenengane, Sang Prabu disedani ana ing kratone.


Nalika jumenenge Sang Prabu Ahasyweros ing wiwitane anggone ngasta paprentahan, wong mau padha ngunjukake layang panggugat tumrap para wong kang wus padha manggon ing Yehuda lan ing Yerusalem.


Sasuwene para kenya kaklumpukake kang kapindhone, Mordekhai lungguh ana ing gapuraning karaton.


Ing bengi iku uga Sang Prabu ora bisa sare. Sang Prabu banjur dhawuh mundhut layang pengetan sejarah, tumuli kawaca ana ing ngarsane Sang Prabu.


Ing kono tinemu ana pengetan bab Pak Mordekhai kang nglapurake prakara abdine Sang Prabu loro, panunggalane abdi jagapura, kang jeneng Bigtan lan Teresy, padha ngarah arep nyedani Sang Prabu Ahasyweros,


Paduka ingkang paring kaunggulan dhumateng para raja, sarta ngluwari Dawud, abdi Paduka.


Awit saka panyuwune Sang Dhaniel, Sang Prabu masrahake paprentahan ing wilayah Babil marang Sadrakh, Mesah lan Abednego, dene Sang Dhaniel piyambak ndherek ana ing kratone Sang Prabu.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan