Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 2:2 - Kitab Sutji

2 Ing kono para abdi kang ngladosi ana ing ngarsane, padha duwe atur mangkene: “Sang Prabu mugi kapadosna lare-lare estri, prawan ingkang endah ing warni,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 2:2
6 Iomraidhean Croise  

Kacarita bareng Rama Abram wus lumebet ing tanah Mesir, wong Mesir padha ndeleng yen wanita iku ayu banget,


Para abdine tumuli padha munjuk marang panjenengane: “Prayoginipun gusti kawula kaupadosaken lare estri legan ingkang ngladosi tuwin rumeksa dhumateng Sang Prabu lajeng dados anget.”


Nalika ing dina kang kaping pitune nalika Sang Prabu karenan ing galih marga saka sumuking anggur, Sang Nata banjur dhawuh marang priyagung kadhaton pitu kang caos ana ing ngarsane, asmane: Mehuman, Bizta, Kharbona, Bigta, Abagta, Zetar lan Karkas,


dene kang cedhak dhewe karo Sang Prabu, yaiku: Sang Karsena, Setar, Admata, Tarsis, Meres, Marsena sarta Sang Memukan, priyagung pitu, panggedhene nagara Persia lan Media, kang diparengake mirsani pasuryane Sang Prabu lan kang kaparingan kalungguhan kang dhuwur ana ing sajroning karajan – pandangune Sang Prabu:


Sang Prabu mugi karsaa matah priyantun ing saindenging tlatahipun karaton dalem, supados sami nglempakaken lare-lare ingkang ayu-ayu, kabektaa dhateng beteng kadhaton Susan, kapapana wonten ing kaputren, kapitadosna dhateng Hegai, priyantun kadhaton dalem, ingkang jagi kaputren; para kenya wau sami kaparingana geganda arum,


Nalika isih padha rerasanan mangkono, abdine Sang Prabu teka, Sang Haman katimbalan supaya enggal sowan menyang bujana sesaosane Sang Prameswari Ester.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan