Ing nalika Pak Mordekhai pinuju linggih ana ing gapuraning karaton, ana abdi dalem loro panunggalane para jagapura, kang jeneng Bigtan lan Teresy kang padha kadunungan karep ala, ngarah arep nyedani Sang Prabu Ahasyweros, amarga serik atine.
Ing dina iku Sang Haman mundur kalawan rena lan gambira panggalihe. Nanging bareng Sang Haman mau mirsani Pak Mordekhai ana ing gapuraning kadhaton, ora ngadeg lan ora obah ngurmati ana ing ngarsane Sang Haman, galihe Sang Haman benter banget tumrap Mordekhai.
Awit saka panyuwune Sang Dhaniel, Sang Prabu masrahake paprentahan ing wilayah Babil marang Sadrakh, Mesah lan Abednego, dene Sang Dhaniel piyambak ndherek ana ing kratone Sang Prabu.