Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 2:18 - Kitab Sutji

18 Nuli Sang Prabu mangun bujana kanggo sakehing panggedhene tuwin para punggawane, yaiku bujanane Sang Prameswari Ester, karodene Sang Nata nyuwak pajeg tumrap dhaerah-dhaerah, lan paring ganjaran kayadene salumrahing ratu.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 2:18
14 Iomraidhean Croise  

Pak Laban banjur nglumpukake wong ing panggonan kono sarta nganakake pista.


Tumuli padha didhawuhi mangkene: “Wis muliha, mangana enak, ngombea kang legi lan menehana berkat marang para wong kang ora duwe apa-apa, awit dina iki sesengkerane Gusti kita! Aja padha prihatin, awitdene kabungahan peparinge Sang Yehuwah iku kang dadi pangayomanmu.”


Pangunjukan kaladekake ana ing tuwung kancana kang mawarna-warna, lan anggure anggur pangunjukane Sang Prabu, nganti turah-turah, kang pantes tumrap ing ratu.


amarga ing dina iku wong Yahudi padha luwar saka ing tanganing mungsuhe, lan iya ing sasi iku anggone kasusahan malih dadi kabungahan, tuwin dina tangisan dadi dina gambira; dina iku kadadekake dina pahargyan lan kasenengan lan dadi dina kirim-kiriman pangan sarta dina dedana marang wong miskin.


para putri ing Sion, padha metua, lan nyawanga marang Sang Prabu Suleman, ngagem makutha, kang diagemake dening kang ibu nalika dina pikramane, ing dina sukarenane galihe.


Yayi, pengantenku, aku teka ing pakebonanku, ngumpulake mur lan anggi-anggiku, dakpangan tala lan maduku, dakombe anggur lan puwanku. Para mitra, mangana lan ngombea, ngombea nganti mendem tresna!


“Kratoning Swarga iku upamane kaya ratu, kang mahargya pikramane ingkang putra.


Wasana Sang Putri Herodhias oleh wewengan yaiku nalika pinuju dina wiyosane Sang Prabu Herodhes, Sang Nata nganakake bujana kanggo para panggedhene, para opsir-opsire lan para wong kang kajen keringan ing tanah Galilea.


“Manawa kowe diulemi jagong manten, kowe aja linggih ing ngarep dhewe, awit bokmanawa kang duwe gawe wis ngulemi wong kang luwih dhuwur pangkate tinimbang karo kowe,


Wong-wong kang manggon ing bumi padha bungah awit saka kang mati iku lan padha pista apadene padha kirim-kiriman bebungah, marga nabi loro mau padha nyiksa kabeh wong kang manggon ana ing bumi.


Aku tumuli dipangandikani mangkene: “Nulisa: Rahayu para kang tinimbalan marang bujana pikramane Sang Cempe.” Sarta aku dipangandikani maneh: “Iki sabdane Gusti Allah kang satuhu.”


Kula aturi ndangu para pangen panjenengan piyambak, temtu badhe matur dhateng panjenengan bilih pancen makaten. Milanipun tiyang punika sami manggiha sihpiwelas panjenengan, punika rak kaleresan dinten riyaya? Panjenengan karsaa maringi punapa sawontenipun dhateng para abdi panjenengan saha ingkang putra Dawud.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan