ESTER 2:16 - Kitab Sutji16 Mangkono Ester anggone kagawa marang ing ngarsane Sang Prabu Ahasyweros, ana ing kadhaton, pinuju sasi kasepuluh – iya iku sasi Tebet – ing taun kang kaping pitune jumenenge Sang Prabu. Faic an caibideil |
Sang Prabu mugi karsaa matah priyantun ing saindenging tlatahipun karaton dalem, supados sami nglempakaken lare-lare ingkang ayu-ayu, kabektaa dhateng beteng kadhaton Susan, kapapana wonten ing kaputren, kapitadosna dhateng Hegai, priyantun kadhaton dalem, ingkang jagi kaputren; para kenya wau sami kaparingana geganda arum,
Ing nalika iku uga para abdi dalem panitra banjur padha katimbalan, pinuju sasi katelu – iya iku sasi Siwan – tanggal ping telulikur, padha nulis kaya saprentahe Pak Mordekhai, kagawe undhang-undhang marang wong Yahudi, para wakile Sang Prabu, para bupati lan marang para panggedhening dhaerah, wiwit ing tanah Indhia nganti tutug ing tanah Etiopia, satus pitulikur dhaerah, saben tanah nganggo tulisane dhewe-dhewe, sarta saben bangsa nganggo basane dhewe-dhewe, mangkono uga wong Yahudi nganggo tulisan lan basane dhewe.