Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 2:14 - Kitab Sutji

14 Lumebune ing wayah sore, dene anggone mundhur ing wayah esuk, nanging kang kapisan iku menyang ing kaputren kang kapindho, kang kareksa dening Saasgas, abdi dalem kang ngreksa kaputrening para garwa ampeyan. Dheweke ora marek maneh marang ing ngarsane Sang Prabu, kajaba manawa dikarsakake dening Sang Nata, sarta ditimbali kalawan kasebutake jenenge.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 2:14
8 Iomraidhean Croise  

“Sakathahing para abdinipun Sang Prabu sadaya dalah tiyang ing sakathahipun dhaerah wewengkonipun Sang Prabu sadaya sampun sami sumerep, bilih tumrap sinten-sintena, jalera estria, ingkang seba dhateng ngarsanipun Sang Prabu ngantos dumugi ing plataran nglebet, boten sarana dipun timbali, namung wonten undhang-undhang satunggal ingkang tumindak: inggih punika paukuman pejah. Namung manawi Sang Prabu karsa ngathungaken jungkating kaprabon kancana dhateng tiyang punika, tiyang punika tetep gesang. Lan salebetipun tigang dasa dinten punika kula boten katimbalan marek ing ngarsanipun Sang Prabu.”


Marga saka abdiningSun Yakub lan Israel, pilihaningSun, Ingsun banjur nimbali sira kalawan nyebut jenengira, paring sesebutan marang sira, sanadyan sira ora wanuh marang Ingsun.


Nanging saiki mangkene pangandikane Sang Yehuwah kang nitahake kowe, he Yakub, kang mangun kowe, he Israel: “Sira aja wedi, awit Ingsun wus nebus sira, Ingsun wus nimbali sira kanthi nyebut jenengira, sira iki kagunganingSun.


Anadene samangsa wong wadon mau wus ora koksenengi, nuli lilanana lunga ing sasenenging atine; poma aja kokedol nganggo bayaran dhuwit, iya ora kena kokrengkuh kayadene batur, marga wong iku wus kokpeksa.”


Sang anem mau tumuli nindakake mangkono, marga saka kasmarane marang anake Yakub, kajaba iku Sang Sikhem mau ana ing antarane brayate kajen-keringan dhewe.


Sawuse mangkono kenya mau banjur lumebu marak marang ing ngarsane Sang Prabu, apadene diwenehi apa sapanjaluke, kang banjur digawa lumebu saka ing kaputren menyang ing kadhaton.


Nalika Ester – anake Abihail pamane Mordekhai, kang mupu Ester iku – wus ndungkap gilirane marak marang ing ngarsane Sang Prabu, Ester mau ora njaluk apa-apa, kajaba mung kang diprayogakake Hegai, abdi dalem lurah kaputren. Dene Ester ndadekake reseping atine angger wong kang nyawang.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan