ESTER 2:13 - Kitab Sutji13 Sawuse mangkono kenya mau banjur lumebu marak marang ing ngarsane Sang Prabu, apadene diwenehi apa sapanjaluke, kang banjur digawa lumebu saka ing kaputren menyang ing kadhaton. Faic an caibideil |
Saben-saben para kenya mau giliran lumebu marak marang ngarsane Sang Prabu Ahasyweros, lan sadurunge karawat dhisik manut tatanan tumrap ing para wanita, suwene rolas sasi; dene sasuwene iku padha migunakake wangen-wangen: nem sasi nganggo lenga mur, sarta nem sasi nganggo lenga kasai lan wangen-wangen liyane kang kanggo para wanita.
Lumebune ing wayah sore, dene anggone mundhur ing wayah esuk, nanging kang kapisan iku menyang ing kaputren kang kapindho, kang kareksa dening Saasgas, abdi dalem kang ngreksa kaputrening para garwa ampeyan. Dheweke ora marek maneh marang ing ngarsane Sang Prabu, kajaba manawa dikarsakake dening Sang Nata, sarta ditimbali kalawan kasebutake jenenge.