Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 2:12 - Kitab Sutji

12 Saben-saben para kenya mau giliran lumebu marak marang ngarsane Sang Prabu Ahasyweros, lan sadurunge karawat dhisik manut tatanan tumrap ing para wanita, suwene rolas sasi; dene sasuwene iku padha migunakake wangen-wangen: nem sasi nganggo lenga mur, sarta nem sasi nganggo lenga kasai lan wangen-wangen liyane kang kanggo para wanita.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 2:12
10 Iomraidhean Croise  

Mordekhai saben dina klinteran ana ing sangareping platarane kaputren prelu nyumurupi kaanane Ester lan apa kang bakal tumanduk marang dheweke.


Sawuse mangkono kenya mau banjur lumebu marak marang ing ngarsane Sang Prabu, apadene diwenehi apa sapanjaluke, kang banjur digawa lumebu saka ing kaputren menyang ing kadhaton.


Sang Prabu mugi karsaa matah priyantun ing saindenging tlatahipun karaton dalem, supados sami nglempakaken lare-lare ingkang ayu-ayu, kabektaa dhateng beteng kadhaton Susan, kapapana wonten ing kaputren, kapitadosna dhateng Hegai, priyantun kadhaton dalem, ingkang jagi kaputren; para kenya wau sami kaparingana geganda arum,


Bocah wadon iku becik banget mungguh ing pamawase lan nuwuhake sih-kamurahane, temah banjur enggal-enggal diwenehi geganda arum tuwin cadhong-cadhonge, lan bocah wadon pilihan pitu saka ing kadhaton, sarta banjur kaelih menyang panggonan kang becik dhewe ing kaputren kinanthenan bocah-bocah wadon mau.


Patileman kula sampun kula sebari: mur, gaharu kaliyan manis jangan.


Lah apa ta iku kang kumelun saka ing ara-ara samun kaya kumebuling kukus kasaput ing wangining mur lan menyan lan uwur wangi warna-warna saka wong dagang?


Ing kono geganda arum bakal disalini kang bacin, pending bakal disalini tali, rambut klabangan disalini gundhul, sandhangan pesta disalini bagor rupa ayu disalini cacad.


Sira marani Molokh kalawan nggawa lenga tuwin wewangen akeh; para kongkonanira padha sira lakokake nganti adoh, nganti tekan ing ngisoring jagading wong mati.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan