ESTER 2:11 - Kitab Sutji11 Mordekhai saben dina klinteran ana ing sangareping platarane kaputren prelu nyumurupi kaanane Ester lan apa kang bakal tumanduk marang dheweke. Faic an caibideil |
Saben-saben para kenya mau giliran lumebu marak marang ngarsane Sang Prabu Ahasyweros, lan sadurunge karawat dhisik manut tatanan tumrap ing para wanita, suwene rolas sasi; dene sasuwene iku padha migunakake wangen-wangen: nem sasi nganggo lenga mur, sarta nem sasi nganggo lenga kasai lan wangen-wangen liyane kang kanggo para wanita.