ESTER 10:3 - Kitab Sutji3 Amarga Sang Mordekhai iku dadi priyagung kang angka loro ing sangandhape Sang Prabu Ahasyweros, lan panjenengane diurmati dening wong Yahudi lan ditresnani dening para sentanane, amarga anggone ngudi murih kabegjaning bangsane lan marga kang kapangandikakake iku tumuju marang ing karaharjaning bangsane. Faic an caibideil |
Nanging tumrap sira ingsun wus midhanget, manawa sira bisa ngunjukake makna lan bisa ngudhar reruwed. Awit saka iku, manawa sira bisa maca tulisan iku lan bisa ngunjukake maknane marang ingsun, sira bakal kapanganggonan wungu sarta gulunira bakal kinalungan rante emas, lan ana ing karajan kene sira bakal nduweni pangwasa, dadi wong kang katelu.”
sarta ngandika marang Sang Dawud: “Panjenengan sampun kuwatos, amargi kanjeng rama boten badhe saged nyepeng panjenengan, malah panjenengan badhe jumeneng ratu ngereh bangsa Israel, lan kula trimah namung dados tiyang ingkang angka kalih, ing sangandhap panjenengan. Kanjeng rama rak ugi sampun uninga bab punika.”