Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 10:2 - Kitab Sutji

2 Mungguh sakehing lelabetane kang linuwih lan kaprawirane, apadene andharaning caritane bab kaluhuran kang diparingake dening Sang Nata marang Sang Mordekhai, kabeh iku rak wis katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Media lan Persia?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 10:2
10 Iomraidhean Croise  

Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Suleman lan kabeh kang katindakake tuwin kawicaksanane iku rak katulisan ana ing layang babade Sang Prabu Suleman.


Mungguh kekarene riwayate Sang Prabu Yerobeam, anggone andon perang lan anggone ngasta paprentahan, lah iku kabeh wus tinulis ing layang sejarahe para ratu ing Israel.


Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Akhab dalah sakehing pandamele sarta kadhaton gadhing lan sakehe kutha kang diedegake, iku rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.


Prakara mau nalika katiti-priksa, tinemu nyata mangkono. Abdi loro mau padha disulah ana ing cagak. Sabanjure lelakon iku katulis ana ing buku sejarah ana ing ngarsane Sang Prabu.


Ing bengi iku uga Sang Prabu ora bisa sare. Sang Prabu banjur dhawuh mundhut layang pengetan sejarah, tumuli kawaca ana ing ngarsane Sang Prabu.


Pak Mordekhai mundur saka ing ngarsane Sang Prabu kalawan nganggo ageman kaprabon wungu tuwa karo mori alus, sarta jamang mas gedhe, jubahe lena alus lan kain wungu enom. Wong saindenging kutha Susan padha surak-surak lan sukarena.


Sang Prabu banjur nglolos sesupe cap kang wus kapundhut saka Sang Haman, kaampilake marang Pak Mordekhai lan Pak Mordekhai kapatah dening Sang Prameswari Ester nguwasani barang kagungane Sang Haman mau.


Ujer Sang Mordekhai iku gedhe pangwasane ana ing kadhaton, sarta misuwur warata ana ing sakehing dhaerah, amarga Sang Mordekhai sangsaya mundhak pangwasane.


kang mulang perang tanganku, nganti lengenku bisa menthang gandhewa tembaga.


Dhaniel banjur kaparingan kaluhuran dening Sang Prabu: kaganjar peparing kang linuwih, tuwin kawisudha dadi kang ngasta pangwasa ing saindenging wilayah Babil lan dadi panggedhene sakehing wong wicaksana ing Babil.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan