Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 10:1 - Kitab Sutji

1 Sawuse mangkono Sang Prabu Ahasyweros netepake pranatan bulubekti saka ing tanah lan dhaerah nganti tutug ing pasisir uga.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 10:1
8 Iomraidhean Croise  

Iku padha nurunake bangsa-bangsa kang pencar-pencar ngenggoni tanah pasisir wengkone para bangsa. Yaiku turune Yafet, mawa-mawa tanahe, basane, golongane lan bangsane.


Nalika jamane Sang Prabu Ahasyweros – yaiku Sang Prabu Ahasyweros kang ngratoni tlatah satus pitulikur, wiwit saka ing Indhia tutug ing Etiopia –


Ing nalika iku uga para abdi dalem panitra banjur padha katimbalan, pinuju sasi katelu – iya iku sasi Siwan – tanggal ping telulikur, padha nulis kaya saprentahe Pak Mordekhai, kagawe undhang-undhang marang wong Yahudi, para wakile Sang Prabu, para bupati lan marang para panggedhening dhaerah, wiwit ing tanah Indhia nganti tutug ing tanah Etiopia, satus pitulikur dhaerah, saben tanah nganggo tulisane dhewe-dhewe, sarta saben bangsa nganggo basane dhewe-dhewe, mangkono uga wong Yahudi nganggo tulisan lan basane dhewe.


para raja ing Tarsis kaliyan ing pulo-pulo sami nyaosana pisungsung, para ratu ing Syeba lan ing Seba sami saosa bulu-bekti!


Ing wektu iku Pangeran bakal ngayatake astane maneh prelu nebus kekarening umate kang isih ana ing Asyur lan ing Mesir, ing Patros, ing Etiopia lan ing Elam, ing Sinear, ing Hamat lan ing pulo-pulo ing sagara.


“Mulane Pangeran Yehuwah kamulyakna ana ing nagara-nagara wetanan, asmane Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel, ana ing tanah-tanah ing sapinggiring sagara!”


Sawuse mangkono banjur nglurugi tanah-tanah pasisir, lan akeh kang bakal karebut; nanging bakal ana sawijining panggedhe prajurit kang nguwisi anggone gawe wirang iku, malah bakal genti gawe wirange ratu mau.


Nalika samana Sang Nata Agung Agustus paring dhawuh, supaya wong saindenging karajan agung dicacahake.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan