Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 1:9 - Kitab Sutji

9 Sang Prameswari Wasti uga mangun bujana kanggo para wanita kabeh kang ana ing kadhatone Sang Prabu Ahasyweros.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 1:9
5 Iomraidhean Croise  

Nalika jumenenge Sang Prabu Ahasyweros ing wiwitane anggone ngasta paprentahan, wong mau padha ngunjukake layang panggugat tumrap para wong kang wus padha manggon ing Yehuda lan ing Yerusalem.


Nalika ing dina kang kaping pitune nalika Sang Prabu karenan ing galih marga saka sumuking anggur, Sang Nata banjur dhawuh marang priyagung kadhaton pitu kang caos ana ing ngarsane, asmane: Mehuman, Bizta, Kharbona, Bigta, Abagta, Zetar lan Karkas,


Dene carane ngombe iku: ora peksan, awit dhawuhe Sang Prabu sakehing para abdi dalem ing kadhaton kakarsakake manut sakarepe sawiji-wijining wong.


Unjuke Sang Prameswari Ester: “Manawi wonten keparenging karsa dalem, Sang Prabu mugi nedhaki ing bujana ingkang badhe kawula saosaken kagem ing panjenengan dalem ing dinten punika, kaliyan malih Haman mugi kalilana ndherek.”


manawi kawula angsal sihkadarmanipun Sang Prabu, sarta manawi kepareng ing karsa dalem maringi kawula ingkang dados pangajeng-ajeng kawula, saha ngleksanani ingkang dados panyuwun kawula, mugi Sang Prabu karsaa rawuh nedhaki ing bujana ingkang badhe dalem saosaken malih, sarta Haman mugi kalilana ndherek, benjing-enjing kawula badhe ngestokaken dhawuh dalem.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan