Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 1:4 - Kitab Sutji

4 Ing kono Sang Prabu mamerake kasugihaning karajane kang mulya, kaendahaning kaluhurane kang sumunar, pirang-pirang dina suwene, nganti satus wolung puluh dina.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 1:4
25 Iomraidhean Croise  

Pangeran Yehuwah ndadosake Sang Prabu Suleman luhur luwih dening banget ana ing ngarepe wong Israel kabeh lan maringi marang panjenengane kaagunganing karajan kaya kang durung tau dialami dening sakehe ratu ing Israel kang ngasta paprentahan sadurunge panjenengane.


nalika ing taun kang kaping telune paprentahane, Sang Prabu mangun bujana kalawan nimbali sakehing para panggedhe lan punggawa kabeh; wadya-bala ing tanah Persia lan Media, para priyagung lan panggedhening dhaerah padha pepak andher ana ing ngarsane.


Bareng wus tekan samono mau Sang Prabu tumuli ngawontenake bujana maneh kanggo sakehing para kawula kang ana ing beteng kadhaton ing Susan, para priyagung dalah para wong cilik, suwene pitung dina, ana ing plataraning patamanan kadhaton.


“Sira nyawanga jaran Nil, kang wus Suntitahake uga kaya sira. Iku mangan suket kaya sapi.


Cahyanipun kamulyan Paduka ingkang agung tuwin pakaryan Paduka ingkang elok badhe kawula kidungaken.


Panjenenganipun nyuwun gesang dhumateng Paduka; lajeng Paduka paringi, ugi sampun Paduka paringi yuswa panjang ing salajengipun saha ing salaminipun.


Panjenengan dalem punika ingkang bagus piyambak wonten ing antawising sakathahing para anakipun manungsa, lathi dalem kesokan ing kamirahan, pramila panjenengan dalem sampun dipun berkahi dening Gusti Allah ing salami-laminipun.


Pangeran Yehuwah iku jumeneng raja, abusana kamulyan, Pangeran Yehuwah busana lan apaningset kasantosan. Sanyata bumi wus jejeg ora gonjang-ganjing.


Sang Prabu rena ing panggalih ing bab pisowane para utusan mau, banjur padha ditedahi gedhong raja brana, anggi-anggi lan lengane kang adi, gedhong gegamaning perang kabeh lan samubarang kabeh kang ana ing pasimpenane. Ora ana barang kang ana ing kadhatone lan ing saindenging wewengkone pangwasane kang ora dikatingalake dening Sang Prabu Hizkia marang para utusan mau.


Marga saka bangeting pinterira dedagangan kasugihanira dadi akeh lan iku njalari sira banjur gumunggung.


Sang Prabu banjur nglairake pangandika mangkene: “Apa iki dudu Babil kang gedhe, kang wus ingsun bangun dadi kutha karajan kalawan kakuwataning pangwaosingsun lan kanggo kaluhuraning kamulyaningsun?”


Nalika akal-budiningsun bali marang ingsun, kaluhuran lan kamulyaningsun uga bali marang ingsun, ndedakake misuwuring karajaningsun. Para mentriningsun lan abdiningsun para panggedhe padha methuk marang ingsun; ingsun kawangsulake marang ing karajaningsun, malah ingsun banjur tampi kaluhuran kang ngungkuli kang wus kapungkur.


Dhuh gusti kawula Sang Prabu, Gusti Allah Ingkang Mahaluhur, sampun maringaken pangwaos jumeneng ratu, kaagungan, kamulyan lan kaluhuran dhumateng Sang Prabu Nebukadnezar, rama dalem.


Gusti Yesus banjur digawa Iblis maneh munggah ing gunung kang dhuwur banget lan diaturi mirsani sakehe krajan ing donya dalasan kamulyane,


Punapa dene kawula mugi sampun ngantos katandukaken dhateng ing panggodha, nanging mugi sami Paduka uwalaken saking piawon. [Awitdene Paduka ingkang kagungan Kraton saha wisesa tuwin kamulyan salami-laminipun. Amin.]


mangka iku malah kagem ngatingalake anggone sugih kamulyan marang para kang minangka wadhahing sih-piwelase, kang wis cinadhangake marang kamulyan?


Panjenengane madhangake mripating atimu, supaya kowe ngreti mungguh pangarep-arep apa kang kamot ing timbalane; iba gedhening pandumane kamulyan kang katemtokake kanggo para suci,


Iku padha diparingi sumurup sapira kaluwihaning kamulyane wewadi mau ana ing antarane para bangsa liya, yaiku: Gusti Kristus ana ing tengahmu, iya ana ing Sang Kristus iku dununge pangarep-arep marang kamulyan.


“Dhuh Pangeran saha Gusti Allah kawula, Paduka ingkang sayogya tampi pamuji sarta kaurmatan sarta panguwaos; amargi Paduka sampun nitahaken samukawis; sarta amargi saking karsa Paduka, samukawis punika wonten lan dumados.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan