Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




ESTER 1:3 - Kitab Sutji

3 nalika ing taun kang kaping telune paprentahane, Sang Prabu mangun bujana kalawan nimbali sakehing para panggedhe lan punggawa kabeh; wadya-bala ing tanah Persia lan Media, para priyagung lan panggedhening dhaerah padha pepak andher ana ing ngarsane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




ESTER 1:3
16 Iomraidhean Croise  

Kacarita bareng telung dinane, mbeneri dina wiyosane Sang Prabu Pringon, panjenengane nganakake pista kanggo para punggawane, kabeh lurah pangunjukan lan lurah dahaharan padha disengkake sirahe ana ing satengahe para abdi.


Sang Prabu Suleman banjur wungu; jebul panjenengane supena. Sakondure menyang ing Yerusalem, panjenengane nuli jumeneng ana ing ngarepe pethi prajanjianing Yehuwah lan ngaturake kurban-kurban obaran lan kurban-kurban kaslametan. Sawuse mangkono Sang Prabu banjur nganakake bujana kalawan para punggawa.


“Mangkene dhawuhe Sang Prabu Koresy, ratu ing Persia: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe sakurebe langit wus maringake sakehing karajan ing bumi marang ingsun; Panjenengane wus dhawuh marang ingsun ngyasakake padaleman kagem Panjenengane ana ing Yerusalem ing tanah Yehuda.


dene kang cedhak dhewe karo Sang Prabu, yaiku: Sang Karsena, Setar, Admata, Tarsis, Meres, Marsena sarta Sang Memukan, priyagung pitu, panggedhene nagara Persia lan Media, kang diparengake mirsani pasuryane Sang Prabu lan kang kaparingan kalungguhan kang dhuwur ana ing sajroning karajan – pandangune Sang Prabu:


Ing kono Sang Prabu mamerake kasugihaning karajane kang mulya, kaendahaning kaluhurane kang sumunar, pirang-pirang dina suwene, nganti satus wolung puluh dina.


Nuli Sang Prabu mangun bujana kanggo sakehing panggedhene tuwin para punggawane, yaiku bujanane Sang Prameswari Ester, karodene Sang Nata nyuwak pajeg tumrap dhaerah-dhaerah, lan paring ganjaran kayadene salumrahing ratu.


Ing sasi kapisan, yaiku ing sasi Nisan, ing taun kang kaping rolase jumenenge Sang Prabu Ahasyweros, wong banjur mbuwang pur – yaiku undhi – ana ing ngarsane Sang Haman, arep milih dina karo sasi kang katuduhake: yaiku sasi karolas, sasi Adar.


Ana wahyu kang bengis kang wus kawangsitake marang aku: “Si penggarong nggarong, si pengrusak, ngrusak! Majua, he Elam, kepungen, he Madai! Sakehing pangesah kang kalirake wus Sunsirep.”


Panahe padha lancipana, tameng-tameng padha cepakna! Sang Yehuwah wus nggigah semangate para ratu ing Media, amarga rantamane nglawan Babil iku yaiku murih sirnane, iku pamalese Sang Yehuwah, kanggo malesake padalemane kang suci.


Sang Prabu Belsyazar ndamelake bujana gedhe marang para panggedhe, abdine, cacahe wong sewu; lan sajrone kaadhep dening wong sewu iku panjenengane ngunjuk anggur.


Peres: karajan dalem kapecah tuwin kaparingaken dhateng bangsa Medhia saha Persia.”


Kacarita Sang Dharius, darah Medhia, nalika yuswa sawidak loro taun, nampeni paprentahan karajan.


Wedhus gembel lanang kang kokdeleng, kang sungune loro iku para ratune bangsa Medhia lan Persia.


Wasana Sang Putri Herodhias oleh wewengan yaiku nalika pinuju dina wiyosane Sang Prabu Herodhes, Sang Nata nganakake bujana kanggo para panggedhene, para opsir-opsire lan para wong kang kajen keringan ing tanah Galilea.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan