ESTER 1:22 - Kitab Sutji22 Sang Prabu nuli paring dhawuh kakintunake marang sakehing tlatah wewengkon dalem, saben tlatah nganggo tulisane dhewe, tuwin saben bangsa nganggo basane dhewe, surasane: “Saben wong lanang kudu dadi sesirahing brayate dhewe, sarta calathu miturut basaning bangsane.” Faic an caibideil |
Para abdi dalem panitra padha katimbalan, – iku pinuju sasi kapisan tanggal ping telulas, – banjur padha nulis kaya sapituduhe Sang Haman, ijoane, prentah marang para wakile Sang Prabu, tuwin saben bupati kang mangku wilayah, apadene saben panggedhening bangsa, yaiku marang saben wilayah nganggo tulisane lan marang saben bangsa manut basane, panulise atas asmane Sang Prabu Ahasyweros lan kaecap mawa sesupe cape Sang Prabu.
Ing nalika iku uga para abdi dalem panitra banjur padha katimbalan, pinuju sasi katelu – iya iku sasi Siwan – tanggal ping telulikur, padha nulis kaya saprentahe Pak Mordekhai, kagawe undhang-undhang marang wong Yahudi, para wakile Sang Prabu, para bupati lan marang para panggedhening dhaerah, wiwit ing tanah Indhia nganti tutug ing tanah Etiopia, satus pitulikur dhaerah, saben tanah nganggo tulisane dhewe-dhewe, sarta saben bangsa nganggo basane dhewe-dhewe, mangkono uga wong Yahudi nganggo tulisan lan basane dhewe.
Mulane Ingsun ngundhangake dhawuh: saben wong panunggalane bangsa, suku bangsa utawa kang basane apa bae, kang nglairake pangala-ala marang Allahe Sadrakh, Mesakh lan Abednego, iku bakal katengkel-tengkel sarta omahe bakal karubuhake kadadekake pawuhan, amarga ora ana allah liyane kang bisa ngluwari mangkono iku.”