ESTER 1:2 - Kitab Sutji2 ing jaman samana nalika Sang Prabu Ahasyweros lenggah ing dhamparing kaprabone ana ing beteng kadhatone ing Susan, Faic an caibideil |
Sang Prabu mugi karsaa matah priyantun ing saindenging tlatahipun karaton dalem, supados sami nglempakaken lare-lare ingkang ayu-ayu, kabektaa dhateng beteng kadhaton Susan, kapapana wonten ing kaputren, kapitadosna dhateng Hegai, priyantun kadhaton dalem, ingkang jagi kaputren; para kenya wau sami kaparingana geganda arum,
“Sumangga sampeyan nglempakaken sakathahipun tiyang Yahudi ingkang wonten ing Susan; kula sami sampeyan siyamaken, sampun nedha lan ngombe rinten dalu, ngantos tigang dinten dangunipun! Rinten kalayan dalu. Kula kaliyan para cethi kula ugi badhe siyam; dene sasampunipun, sanadyan kula nerak angger-anggeripun, Sang Prabu, kula badhe marak ing ngarsanipun Sang Prabu; manawi kula kapeksa pejah, kajengipun kula pejah.”