ESTER 1:19 - Kitab Sutji19 Manawi ndadosaken keparenging panggalihipun Sang Prabu, mugi ndhawuhna undhang-undhang ing karajan kapacaka wonten ing angger-anggeripun bangsa Persia lan Media, ingkang boten kenging kaceled, inggih punika bilih Sang Prameswari Wasti boten kenging sowan malih wonten ing ngarsanipun Sang Prabu Ahasyweros, saha kalenggahanipun dados Prameswari kaparingna dhateng putri sanesipun, ingkang ngungkuli utaminipun. Faic an caibideil |
Ingkang punika manawi wonten keparenging karsa dalem Sang Prabu, mugi wontena serat dhawuh dalem, ingkang suraosipun, supados bangsa wau katumpesa; wasana kawula badhe nimbang salaka sedasa ewu talenta lan masrahaken dhateng para tiyang ingkang nglampahaken ayahan dalem, supados dipun lebetaken ing gedhong rajabrananipun Sang Prabu.”
sarta munjuk: “Manawi Sang Prabu marengaken saha kawula manggih sih wonten ing ngarsa dalem, punapa malih manawi miturut panggalihipun Sang Prabu unjuk kawula punika kagalih prayogi, tur kawula damel renaning panggalih dalem, mugi kawedalna serat prentah nyeled serat-serat damelanipun Haman bin Hamedata, turunipun Agag, ingkang isi dhawuh supados numpes sakathahipun tiyang Yahudi ingkang wonten ing sakathahipun dhaerah wewengkonipun Sang Prabu.