ESTER 1:15 - Kitab Sutji15 “Awewaton undhang-undhang Sang Prameswari wajib kapatrapan apa, amarga ora ngestokake marang timbalane Sang Prabu Ahasyweros, kang kaaturake dening para priyayi kadhaton.” Faic an caibideil |
dene kang cedhak dhewe karo Sang Prabu, yaiku: Sang Karsena, Setar, Admata, Tarsis, Meres, Marsena sarta Sang Memukan, priyagung pitu, panggedhene nagara Persia lan Media, kang diparengake mirsani pasuryane Sang Prabu lan kang kaparingan kalungguhan kang dhuwur ana ing sajroning karajan – pandangune Sang Prabu:
Sang Memukan banjur matur ana ing ngarsane Sang Prabu lan para panggedhe: “Sang Prameswari Wasti anggenipun kagungan kalepatan punika boten namung dhumateng Sang Prabu kemawon, nanging ugi dhateng sakathahipun para pangageng sarta dhateng sakathahipun para bangsa, ingkang wonten ing tlatah wewengkonipun Sang Prabu Ahasyweros sadaya.
Dhawuhe Sang Prabu: “Dhawuhana lumebu!” Bareng Haman wus lumebu, tumuli didangu dening Sang Prabu: “Wong kang dadi keparenge Sang Prabu kudu diparingi kaurmatan, iku dikapakake?” Ing kono panggraitane Sang Haman: “Sapa maneh kang dadi keparenge Sang Prabu kang kudu kaparingan kaurmatan ngluwihi aku iki?”