ESTER 1:10 - Kitab Sutji10 Nalika ing dina kang kaping pitune nalika Sang Prabu karenan ing galih marga saka sumuking anggur, Sang Nata banjur dhawuh marang priyagung kadhaton pitu kang caos ana ing ngarsane, asmane: Mehuman, Bizta, Kharbona, Bigta, Abagta, Zetar lan Karkas, Faic an caibideil |
Sawenehing priyayi kadhaton, kang lagi ana ing ngarsane Sang Prabu, kang asma Kharbona banjur munjuk: “Ing sacelaking griyanipun Haman wonten panyulahan ingkang inggilipun seket asta, ingkang dipun damel dening Haman kangge Mordekhai, tiyang ingkang milujengaken Sang Prabu kanthi anggenipun ngunjukaken palapuran punika.” Dhawuhe Sang Prabu: “Sulahen ana ing panyulahan iku!”