ESTER 1:1 - Kitab Sutji1 Nalika jamane Sang Prabu Ahasyweros – yaiku Sang Prabu Ahasyweros kang ngratoni tlatah satus pitulikur, wiwit saka ing Indhia tutug ing Etiopia – Faic an caibideil |
Sang Prabu mugi karsaa matah priyantun ing saindenging tlatahipun karaton dalem, supados sami nglempakaken lare-lare ingkang ayu-ayu, kabektaa dhateng beteng kadhaton Susan, kapapana wonten ing kaputren, kapitadosna dhateng Hegai, priyantun kadhaton dalem, ingkang jagi kaputren; para kenya wau sami kaparingana geganda arum,
Ing nalika iku uga para abdi dalem panitra banjur padha katimbalan, pinuju sasi katelu – iya iku sasi Siwan – tanggal ping telulikur, padha nulis kaya saprentahe Pak Mordekhai, kagawe undhang-undhang marang wong Yahudi, para wakile Sang Prabu, para bupati lan marang para panggedhening dhaerah, wiwit ing tanah Indhia nganti tutug ing tanah Etiopia, satus pitulikur dhaerah, saben tanah nganggo tulisane dhewe-dhewe, sarta saben bangsa nganggo basane dhewe-dhewe, mangkono uga wong Yahudi nganggo tulisan lan basane dhewe.
“Awit saka iku kowe bakal daksumurupake marang bab kang nyata. Lah bakal ana ratu telu maneh kang jumeneng ana ing nagara Persia, banjur kang kapate iku bakal oleh kasugihan kang gedhe ngluwihi liya-liyane mau, sarta manawa wus dadi santosa marga saka kasugihane, tumuli bakal ngudi kalawan ngetog kakuwatan nglawan karajan Yunani.