Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




AYUB 9:2 - Kitab Sutji

2 “Sanyatane aku wus sumurup, yen iku pancen mangkono, kapriye manungsa anggone bisa tinemu bener ana ing ngarsaning Allah?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




AYUB 9:2
13 Iomraidhean Croise  

Manawi sami tumindak dosa dhumateng paduka – amargi boten wonten tiyang ingkang tanpa dosa – saha Paduka lajeng duka dhateng tiyang-tiyang wau lan Paduka pasrahaken dhateng mengsah, satemah nunten sami kaboyong dados tawanan dhateng ing nagarining mengsah ingkang tebih utawi ingkang celak;


Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, Paduka punika mahaadil, amargi kawula sami taksih dipun parengaken lestantun kados dene tiyang ingkang oncat, kadosdene ingkang kelampahan ing dinten punika. Lah sapunika kawula sami sowan wonten ing ngarsa Paduka, klayan mbekta kalepatan kawula. Mangka saestunipun ing salebeting kawontenan ingkang makaten wau, boten wonten tiyang ingkang saged lestantun wonten ing ngarsa Paduka.”


Manungsa kapriye anggone bisa bener ana ing ngarsaning Allah? Tuwin kang lair saka wong wadon kapriye anggone suci?


Lah ta, sanadyan rembulan iya ora padhang, sarta lintang-lintang uga ora resik ana ing ngarsane.


temah Elihu bin Barakheel, wong Bus, saka darahe Ram, nepsu. Anggone nepsu marang Ayub iku awit nganggep awake dhewe luwih bener katimbang Gusti Allah.


Aku iki resik aku sepi ing panerak, aku suci tanpa kaluputan.


Awit Ayub calathu: Aku bener, nanging Gusti Allah mundhut wewenangku;


Apa manungsa bisa katon bener ana ing ngarsaning Allah, apa manungsa bisa katon suci ana ing ngarsane kang nitahake?


Ing kono Ayub mangsuli, pangucape:


Dhuh Yehuwah, manawi Paduka ngenget-enget dhateng durakaning tiyang, dhuh Pangeran, sinten ingkang saged lestantun?


Paduka mugi sampun ngantos prakawisan kaliyan abdi Paduka punika, awit ing antawisipun tiyang gesang boten wonten ingkang pinanggih leres wonten ing ngarsa Paduka.


Sabab siji bae ora ana wong kang kabenerake ana ing ngarsane Gusti Allah marga saka anggone netepi angger-anggering Toret; awit malah iya marga saka angger-anggering Toret iku wong padha nyumurupi dosa.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan