Mugi tebiha saking Paduka tindak ingkang kados makaten punika; mejahi tiyang mursid tunggil kaliyan tiyang duraka, temah tiyang mursid kados-kados sami kaliyan tiyang duraka! Ingkang makaten wau mugi tebiha saking Paduka! Punapa Hakiming jagad boten nindakaken kaadilan?”
Mulane sira muga padha kalimputana ing rasa wedi marang Sang Yehuwah. Sira padha tumindaka kalawan ngati-ati, awit pratingkah culika, ngeloni utawa nampani besel iku ora tinemu ana ing Sang Yehuwah, Gusti Allah kita.”
Mikantuki punapa ta kagem Paduka, manawi nindhes tiyang punika, manawi Paduka mbucal pakaryaning asta Paduka, saha paduka paring pambiyantu dhateng rancanganipun tiyang duraka?
Ratu ingkang santosa, ingkang remen dhateng angger-angger, Paduka ingkang njejegaken kaleresan, angger-angger lan kaadilan wonten ing antawising turunipun Rama Yakub, Paduka ingkang nindakaken.
Ewasamono sira padha celathu: Tumindake Sang Yehuwah iku ora bener! Ingsun kang ngadili sira kabeh, manut kalakuanira dhewe-dhewe, he para turune Israel.”
Awit saking punika Pangeran Yehuwah nyadhangaken bilai punika saha lajeng kadhawahaken dhateng kawula sadaya; awit Pangeran Yehuwah, Allah kawula punika adil ing sadaya pandamel ingkang katindakaken, ewasamanten kawula sami boten mirengaken swantenipun.
Nanging marga saka wangkoting atimu kang ora gelem mratobat iku, dadine kowe numpuk bebendu kanggo awakmu dhewe, nganti tumeka ing dinane kababaring bebendu lan pangukume Gusti Allah kang adil,
Wong-wong iku padha ngidungake kidunge Nabi Musa, abdine Gusti Allah, lan kidunge Sang Cempe, unine: “Agung saha elok pakaryan Paduka, dhuh Pangeran, Allah ingkang Mahakuwaos! Adil saha leres margi Paduka punika, dhuh Ratunipun sadaya bangsa!