Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




AYUB 8:2 - Kitab Sutji

2 “Nganti pira lawase anggonmu duwe ujar mangkono iku, sarta tembunging tutukmu kaya angin gedhe iku?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




AYUB 8:2
14 Iomraidhean Croise  

Pangeran banjur ngandika: “Sira metua lan ngadega ana ing dhuwur gunung iki ana ing ngarsaning Sang Yehuwah!” Ing kono Pangeran Yehuwah nuli tindak langkung! Angin gedhe lan banter, kang mbengkahake gunung-gunung lan nggempalake parang-parang ndhisiki tindake Sang Yehuwah. Nanging Pangeran Yehuwah ora ana ing sajroning angin iku. Lan sawuse angin mau banjur ana lindhu. Nanging Sang Yehuwah ora ana ing sajroning lindhu iku.


“Wong kang wicaksana apa mangsuli kalawan kawruh kang tanpa isi, sarta ngiseni pikirane kalawan angin?


Apa durung entek tembungmu kang tanpa isi iku? Apa ta kang meksa kowe supaya nglawan?


“Nganti pira lawase anggonmu ndedawa tembung; pikiranmu enggonen ta, aku banjur arep padha aweh pitutur.


Apa karepmu iku nacad tembung? Apa tembunge wong kang entek pangarep-arepe iku dianggep angin?


Gusti Allah muga karsaa ngremuk aku, ngagagake astane sarta nguwisi uripku!


Milanipun kawula boten badhe mekak cangkem kawula, kawula badhe matur ing salebeting karibedanipun nyawa kawula, saha badhe sesambat salebeting pait-getir ingkang wonten ing manah kawula.


Tumuli Bildad wong Suah mangsuli, calathune:


Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha sowan marang Sang Prabu Pringon sarta matur: “Pangandikanipun Pangeran Yehuwah Gusti Allahipun bangsa Ibrani makaten: Nganti pira lawase anggonira ora gelem ngesorake awak ana ngarsaningSun? UmatingSun lilanana lunga saos pangabekti marang Ingsun!


Sawuse mangkono para abdine Sang Prabu Pringon banjur munjuk marang Sang Prabu: “Taksih pinten dangunipun tiyang-tiyang punika anggenipun dados jiret tumrap kita? Sumangga ta panjenengan dalem lilani kemawon anggenipun sami kesah saos pangabekti dhateng Pangeran Yehuwah Gusti Allahipun. Punapa panjenengan dalem dereng kraos, bilih tanah Mesir temtu badhe risak?”


“He wong kang ora duwe pangalaman, nganti pira lawase, anggonmu isih nresnani kaananmu iku, tukang poyok anggone seneng memoyok lan wong bodho anggone sengit marang kawruh?


Para nabi iku bakal dadi angin, padha ora kanggonan pangandikane Sang Yehuwah.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan